Crita Cekak ------
Dening : Kang Zen Samin
Culika Ngundhuh Sengsara
Jam telu sore, langit ing ndhuwur kuthaku katon peteng. Mendhunge ireng nggameng kaya arep nyuntek banyu udan. Pucuke wit-witan mobat-mabit keterak angin. Godhong-godhong garing padha kumlebat kegawa playune angin. Kemarasak suwarane.
Klelap-klelap. Clorot. Dhierr…!
Mengkono crita sing lagi takketik ing komputer. Dumadakan listrik mati plethes. Komputerku melu mati. Crita cekak sing takketik amblas bareng matine listrik merga lali durung taksimpen.
Saknalika tangan tengenku takangkat. Taktemplekake mbun-mbunan. Rambutku takcekel keket, takbatek merga nggetuni olehku mikir crita sing ilang.
Olehku mikir cerkak taklereni merga krungu suwara lamat-lamat wong pathing njlerit njaluk tulung. Dununge suwara saka wetan omahku, cedhak bengawan Solo. Suwarane wong lanang-wadon njaluk tulung saut-sautan sarta suwara bocah padha tetangisan.
Komputer taktinggal mlayu jemranthal marani dununge suwara merga kepingin weruh kedadeyan sing sakbenere.
Maasyaalloh…. Tanggul bengawan Solo sing lawase iki ngupengi pasar kutha Bejonegoro jebol ketrajang banjir, ambane nganti rong meter. Wong saklingkungan RT ora kasil nyembong tanggul sing jebol. Sak isi lemah lan sak isi pasir sing ditumpuk-tumpuk kanggo mbuntoni tanggul, amblas keglandhang iline banyu sing wis kadhung banter lan kuat sodhogane.
Aku banjur mbengok, ngakon wong-wong sing duwe omah ing pinggir tanggul ndang gage padha mlayu nylametake jiwa ragane.
’’Golek barang sing entheng kanggo tumpakan. Supaya ora gampang kerem. Cepet! Cepet supaya slamet!’’
Ora ana setengah jam, tanggul lore pasar jebol amba nganti pirang-pirang meter. Banyu saka bengawan mlayu banter nganti nyeret bangunan pasar sakisine. Markase pulisi, Perum Peruhtani, kantor Pemkab lan gedung DPRD serta kantor kejaksaan lan pengadilan katut amblas ketrajang banjir bandhang bengawan Solo.
Pitulas desa ing tengahe kutha malih dadi segara.
Ana helikopter ditumpaki regu penolong, muter-muter nggoleki kurban banjir. Sawenehing regu penolong katon metu saka lawang helikopter karo nggawa pelampung papat, awake gemantung ing andha tampar, arep nylametake wong wadon karo anake telu sing katon ketimpal-ketimpul ngrangkul debog.
’’Ayo! Cepet! Tampani pelampung iki! Nggonen supaya kowe ora kerem. Aku melu bungah yen kowe bisa slamet,’’ regu penolong mbengok banter, nanging suwarane ora krungu cetha jalaran kalah karo suwarane mesin helikopter. Wong wadon karo anake telu kasil dislametake. Ditumpakake helikopter, banjur digawa menyang lapangan kecamatan Dander, panggone nampung korban banjir.
Sakwise ngudhunake sing ditulung, regu penolong bablas mabur maneh nggoleki kurban banjir liyane. Nanging usahane regu penolong nylametake pendhudhuk saakeh-akehe, keganggu petenge mendhung lan udan sing durung gelem leren.
’’Kahanane kaya ngapa wae, awake dhewe kudu tetep budhal. Tetulung marang liyan sing mbutuhake,’’ komandane regu penolong menehi semangat anak buahe.
Sakliyane regu penolong sing numpak helikopter, uga ana regu penolong sing nganggo perahu karet. Ana uga nom-noman sing kendel tatag ngadhepi bebaya melu mbudidaya nylametake korban banjir nganggo prahu tembo.
Pendhudhuk sing dislametake regu penolong cacahe 20.000 jiwa, dikumpulake dadi siji ing lapangan Dander sing wis didegi tenda kanggo pengungsi. Kabeh pengungsi katon sedhih. Praupane pucet jalaran weruh banjir bandhang sing nggegirisi. Kecampuran mikir sanak sedulure sing durung ketemu sarta mikir barang-barange sing ilang.
Banjir bandhang iki kagolong paling gedhe. Luwih gedhe yen dibandhingake banjir siklus sing kelakon saben satus taun sepisan. Saking gedhene banjir, ndadekake sakehing omahe pendhudhuk ing 17 desa ing kecamatan kota, amblas kegulung iline banyu.
Sawernane kewan raja kaya, sapi, wedus, pitik lan sapanunggalane ilang kegeret iline banyu sing bantere kaya playune kapal mabur. Sakehing tanduran, pari, jagung, menyok lan palawija liyane padha mati. Ora ana sing kena dipanen. Dalan-dalan ing tengah kutha sing maune alus mlunthus padha ajur, kreteg-kreteg padha pedhot.
Akeh wong sugih sing trenyuh atine sawise weruh musibah iki diwartaake ing koran lan tivi. Banjur menehi bantuwan marang kurban banjir. Uga ana negara-negara makmur sing ngirim bantuwan kesehatan lan ahli bangunan kanggo ndandani infrastruktur sing rusak parah.
Diumumake dening bupati Bejonegoro, Kliwon Atmodihardjo, kapitunan merga banjir bandhang bengawan Solo gunggunge Rp 15 triliun. Ajine kapitunan dietung saka akehe bangunan kantor pemerintah sing ilang, 23.000 omahe pendhudhuk sing kerut banjir, dalan-dalan lan jembatan sing padha ajur, sarta 250 hektar tandurane wong tani sing ora kena dipanen.
Pendhudhuk sing ngungsi cacahe 65.000 jiwa saka 23.000 kepala keluarga. Kabeh wis ora ana sing duwe omah. Ora ana donya brana sing kena dislametake, kejaba klambi sapenganggo sing isih nemplek ing awake.
’’Musibah banjir iki minangka pacoban saka Gusti. Dakjaluk kabeh kawulaku padha sabar ngadhepi kasunyatan iki lan pasrah marang Gusti,’’ unine Kliwon Atmodihardjo ing siaran tivi lan radio.
Uga diandharake, pemerintah kabupaten Bejonegoro arep ngedegake kantor anyar ing Dander jalaran kantor Pemkab sing ketrajang banjir ora kena dienggoni. Sakehing data penting duweke Pemkab sing kasimpen ing komputer lan ing kantor arsip uga ilang kabeh.
’’Dander kene mengkone dadi pusat kota Bejonegoro sing anyar. Masyarakat dakjaluk uga melu pindhah omah merga tanah ing pusat kota lama utawa kecamatan kota lama saiki rawan bencana. Masyarakat bakal disubsisi kanggo ngedegake omah anyar ing Dander kene,’’ sambunge Atmodihardjo.
Tedjo Sasmito, sawenehing wartawan koran, mikir jero anane musibah banjir bandhang iki. Kaya ora tinemu nalar, atase banyu bengawan Solo bisa njebolake tanggul pasar lan nekaake banjir sakmono gedhene.
’’Sakgedhe-gedhene banjir bengawan Solo, ora mungkin bisa njebolke tanggul pasar kutha,’’ grenenge Tedjo. Jalaran, manut pamikire Tedjo, tanggul pasar kutha Bejonegoro wiwit jaman Majapahit saben taun diterak banjir nanging ora nate gopil utawa longsor.
Yo merga pamikiran iku, dheweke banjur nganaake panaliten sakwise banjir surut. Tedjo trutusan ing tipete tanggul pasar sing jebol. Tanggul sing dawane 200 meter, dhuwure 3 meter sarta ambane 50 meter, ilang babar pisan ora nyisa.
Sisa-sisa bangunan pating crongat difoto. Akeh data sing dicathet, kalebu nalika dheweke nemu pistol colt 38 ing tipete kantor pulisi. Tedjo uga bola-bali njaluk katrangan marang pejabat kantor Bengawan Solo Hilir kang kawogan ndandani tanggul ing saurute bengawan Solo.
Seminggu sakwise banjir surut, ngepasi dina Selasa pahing, Tedjo ngudhunake berita kanthi judul Banjir Kota Direkayasa. Disebutake ing berita, udan ing wewengkon Bejonegoro sarta udan ing kutha-kutha saurute bengawan Solo ora bisa nekaake banjir bandhang sakmono gedhene. Karo maneh manut katrangane pejabat saka kantor Bengawan Solo Hilir, tanggul pasar kutha kahanane isih apik lan kuat nalika dicek sesasi sakdurunge jebol.
Sing maca berita kasebut padha kaget. Masyarakat korban banjir wiwitane nganggep berita sing ditulis Tedjo iku mung crita ngayawara. ’’Berita ngene iki ora nggawe adem-ayem pikire wong sing kenek musibah. Apa ngono kuwi patrape wartawan, isane gawe isu, manas-manasi situasi,’’ grenenge wong sing padha maca berita.
Kliwon Atmodihardjo nesu marang Tedjo jalaran dianggep nulis berita sing isine ngawur lan gawe resahe masyarakat. Mula dheweke banjur ngundang sakehing wartawan media cetak lan elektronik, perlune kanggo mbenerake berita sing dianggep kliru iku.
’’Berita yang ditulis saudara Tedjo itu menyesatkan. Siapa yang merekayasa bencana yang begitu mengerikan. Hanya orang gila yang melakukan perbuatan itu. Kalau pikiran kita waras, mestinya ikut prihatin,’’ ujare Kliwon. Praupane katon abang mbranang.
’’Kalau menulis berita seharusnya berdasarkan fakta dan obyektif. Masyarakat tentu memuji wartawan yang seperti ini,’’ semambunge.
Manut katrangane Kliwon, tanggul bengawan lore pasar kutha bisa jebol merga kahanane wis rusak. Jalarane tanggul rusak yaiku anane alih fungsi tanggul sing mesthine kanggo nahan lubere banyu bengawan, malih dadi perumahan kumuh merga didegi omah dening gelandhangan lan wong ngemis, una uga masyarakat sing ngedegake warung sega lan warung kopi. Sakliyane iku, gedhene tanggul wis ora imbang karo ambane bengawan Solo sing saiki 350 meter. Bengawan solo saben taun tambah amba jalaran gampengane kagerus iline banyu saben mangsa udan.
’’Jadi, berita yang ditulis saudara Tedjo itu sangat meresahkan masyarakat. Saya berharap yang lain jangan terpengaruh apalagi sampai meniru. Bisa berbahaya!’’ unine Kliwon, katon kulit bathuke njengkerut. Tedjo mung bisa meneng ndhingkluk nalika melu ngrungoake Kliwon njereng katrangan marang wartawan.
Sakwise acara aweh katrangan marang wartawan rampung, Tedjo banjur ninggalake panggonan kono. Ora langsung mulih utawa nuju kantore. Nanging nuju lokasi sing maune ketrajang banjir bandhang. Mlaku ngalor-ngidul, ngetan-ngulon nyangklong tas lan kamera. Motret sesawangan sing dianggep apik kanggo nglengkapi berita sing ditulis bersambung. Berita ing koran yen diwenehi foto katon luwih apik.
Tedjo takon-takon warga sing padha niliki lacak omahe sing ilang ketrajang banjir. Pitakone lan jawabe warga dicathet ing buku khusus liputan banjir. Ana wong wadon ayu, awake lencir kuning uga ditakoni, rada suwe. Wong wadon iku kejaba akeh menehi katrangan, dheweke uga ngaku kenal bupati Kliwon Atmodiharjo nalika nginep hotel ing Singapura.
’’Tulung, mas, jenengku aja ditulis nok koran,’’ panjaluke wong wadon iku.
’’Aja kuatir, mbak. Nara sumberku mesthi taklindungi,’’ sambunge Tedjo.
Dina candhake, wong sakabupaten Bejonegoro geger. Umyeg ngrembug berita Banjir Kota Direkayasa seri kaloro. Jalaran ing koran ditulis, rekayasa banjir kota nglibatake pejabat penting Pemkab kanthi jeneng singlon KA. KA mrentah wong 50 cacahe kanggo njebol tanggul. Wong sing diprentah KA iku nggawe krowokan-krowokan ing tanggul njalari tanggul gampang ambrol nalika ditrajang banyu.
’’KA kuwi jebule wong sing gak duwe perikemanusiaan. Dupeh pejabat ndhuwuran terus tumindak nganggo karepe dhewe,’’ ujare Mintono, lurah Karangpace.
’’Wong ngono kuwi sing apik ndang modar ae, pak,’’ pasote Sukiran, tukang becak sing omahe katut ilang kegawa banjir bandhang.
’’Aja kesusu masotke wong sing durung temtu salah. Ora becik,’’ unine Prihadi sawenehing pegawe negeri ngandhari Sukiran.
’’ Sampeyan mbelani po piye, mas? Wis jelas ditulis nok koran kok diarani ora salah,’’ semaute Sukiran.
’’Ora mbelani! Sing nemtokna salah utawa bener kuwi dudu koran, nanging putusane hakim ing pengadilan.’’
’’Jare sapa? Nok pengadilan wong sing bender isa digawe salah. Sukimin tanggaku diukum limang sasi merga didakwa nyolong pitike jeksa. Sing korupsi atusan milyar malah dibebasna,’’ jawabe Sukiran karo methentheng.
’’Pak! Ra usah melok nggunem bab ngono kuwi. Kuwi urusane wong gedhe. Mbok ndang budhal mbecak wae. Nek entuk dhuwit kenek nggo nempur,’’ Warsinah, bojone Sukiran nyela gunemane sing lanang.
’’Wong wedok ra usah melok omong!’’
’’Nek anakem kaliren ape mbok pakani apa. Ape mbok pakani jengker ngono po piye?’’ Sukiran banjur ngalih nyurung becak sakwise diuneni karo sing wedok.
Jalaran nulis berita banjir kota direkayasa akire Tedjo digoleki wong akeh. Ana perwira pulisi diprentah atasane njaluk ketrangane Tedjo merga beritane nggawe resahe masyarakat. Perwira pulisi iku langsung bali menyang kantore sakwise diwenehi data dening Tedjo..
Uga ana wong telu awake gedhe dhuwur nggoleki Tedjo merga nyebut jenenge pejabat penting pemkab. ’’Beritanem kuwi ngawur. Nek mbok terusna cilaka kowe!’’ pangincime sing umure rada tuwa.
’’Pak, aku nulis berita nganggo asas praduga tak bersalah. Sampeyan gak perlu emosi! Ana hak jawab yen ana sing ora trima,’’ unine Tedjo.
’’Gak usah kakehan cocot! Pokoke gak usah mbok terusna berita kuwi. Takbres, kapok!’’ unine wong iku. Raine dicedhakake raine Tedjo karo mripate mendelik. Sawise ngetokake inciman, pawongan telu iku numpak mobil jeep.
Tedjo ora wedi. Niyate ngungkap kasus banjir bandhang wis mantep. Resiko sing bakal diadhepi wis dietung kanthi mateng. ’’Niyatku apik. Aku yakin Gusti Allah nglidhungi aku,’’ grenenge Tedjo.
Tedjo pancen Tedjo. Dheweke tambah mempeng golek data. Ing beritane seri telu, ditulis kanthi gamblang jenenge pejabat penting sing ngakon njebol tanggul iku bupati Kliwon Atmodihardjo. Dijlentrehake, bupati nekat tumindak culika merga duwe karep ngedol lemah saambane kecamatan kutha marang investor saka Cina.
Ing ngisore lemah kasebut ana tambange emas sing ora mupakat akehe. Atmodihardjo wis kadhung nampa dhuwit panjer saka investor Cina Rp 500 miliar. Nanging sawise patang taun setengah nampa penjer dheweke durung bisa masrahake lemah marang investor jalaran diprotes rakyate.
Wong sakabupaten njomblak kaget. Rasane kaya ora percaya, merga bupati sing sasuwene iki katon grapyak serta dianggep pinter lan kena dienggo panutan pranyata mentala tumindak kejem ngurbanake rakyate.
Atmodihardjo nggebrak-nggebrak meja nalika maca berita ing kantore. ’’Keparat tenan Tedjo! Takkongkon nggawe berita sing bener, kok malah ndakwa aku sing ndhalangi njebol tanggul,’’ pangucape Atmodihardjo, tangane bali nggebrak meja.
Atmodihardjo ora trima. Banjur nglapurake Tedjo menyang kapulisen jalaran dianggep ngasorake jenenge sarta ndakwa dheweke sing ngongkon njebol tanggul. Ing surat laporane ditulis, Tedjo telah membuat berita yang isinya tidak sesuai fakta sehingga bisa dipidana penjara.
’’Ben kapok, bos! Kudu diwenehi pelajaran!’’ ujare Karmani, kanca rakete Atmodihardjo.
’’Ya. Rumangsane aku ki sapa,’’ semaute Atmodihardjo karo mengkerik.
Sesasi candhake, Tedjo disidhang ing pengadilan. Masyarakat sing dadi korban banjir padha dhemo, menehi dhukungan marang Tedjo. Uga ndhesek bupati Atmodihardjo supaya njabut laporane ing kapulisen serta mundur saka jabatane.
’’Bupati keparat! Selehna jabatanmu. Lengser saka palungguhanmu,’’ bengoke atusan wong sing ngetutake Tedjo nalika disidhang.
Atmodihardjo mbekengkeng ora gelem lengser saka jabatane senajan dheweke bisa dadi bupati jalaran dipilih rakyat. ’’Aku isih nyekel beselit. Dudu kowe sing bisa nglereni jabatanku,’’ unine Atmodihardjo nalika ditekaake ing sidhang pengadilan minangka saksi pelapor.
Krungu suwarane Atmodihardjo sing dianggep atos lan nantang, akire wong sing padha dhemo njupuk watu lan krikil ing pinggir-pinggir dalan, banjur disawat-sawatake Atmodihardjo. Pulisi sing ditugasake njaga lakune sidhang ora bisa ngendheg polahe wong dhemo. Suwara bedhile pulisi pating njledhor ora dirungu. Tembakan peringatan wis ora digatekake.
Atmodihardjo dikrumpyung rakyate ing ngarepe kantor pengadilan. Raine jibrat getih kena sawatan watu. Digepuki nganti dadi patine. ****
Tidak ada komentar:
Posting Komentar