Cerkak ------
Dening Kang Zen Samin
Wewadi
Wong sing bisa nggayuh jabatan bupati manut panganggepe wong akeh iku wong sing nemu kabegjan. Miturut para sepuh, wong sing bisa dadi bupati kagolong wong pinilih sing antuk kanugrahan saka Gusti.
Kepingin apa wae yen dadi bupati bisa kelakon. Numpak mobil mewah, omah mewah, nyambut gawe ora kepanasen merga kantore ana ac-ne, lan turu ing kasur paling empuk wis mesthi dadi kasunyatan. Ora mung semono kepenake dadi bupati, lamun saben sasi mbutuhake dhuwit gunggune sepuluh milyad wis mesthi bisa kaleksanan sauger wis kacathet ing APBD.
Ngatimin Harjowiyoto sing wis dadi bupati kandha marang kawulane, dadi bupati ngono ora enak. Nyambut gawene sedina sawengi utawa patlikur jam, ngatur wong sakabupaten sing werna-werna kekarepane lan beda watak-wateke. Yen salah nggawe keputusan, wis mesthi digugat utawa didhemo karo wong sing ora setuju.
’’Wis ta! Dadi bupati ngono abot tenan. Tugase uuuakih! Durung maneh mikir carane mbalekake ragad nalika nyalon bupati,’’ andhare Ngatimin nalika ngestreni adicara sedekah bumi ing desa Sumberklinthing. Sing ngrungokake padha ngguyu lan keplok jalaran Ngatimin Harjowiyoto nalika ngomong karo kukur-kukur sirahe.
’’Pak Ngatimin priyantunipin nggih ngoten niku, blakasuta lan saged ndamel banyolan,’’ unine Lamijan tilas tim suksese Ngatimin nalika pemilihan bupati marang Sukadi tokoh masyarakat Desa Sumberklinthing sing lungguh ing pinggire.
’’Suk nek jabatanku priode siji entek, aku arep nyalon bupati maneh. Ora merga dadi bupati kuwi kepenak lo. Nanging merga aku isih nduwe kekarepan becik sing durung bisa kelakon, yaiku menehi bebungah masyarakat rupa sekolah gratis lan mertamba gratis ing puskesmas utawa ing rumah sakit. Kekarepan iki isih nok angen-angenku.’’
’’Lho saestu ta pak Sukadi. Pak Ngatimin niku tiyang ingkang blakasuta,’’ semambunge Lamijan. Dikandhani ngono Sukadi mesem.
Sedekah bumi ing desa Sumberklinthing bisa diarani istimewa. Kejaba ditekani bupati, uga digelar kesenian langen tayub kanthi waranggana cacahe wolu. Waranggana wolu rupane kabeh ayu, sandhang penganggone apik-apik njalari sing ndeleng padha seneng.
Bupati Harjowiyoto antuk pangormatan ngibing pambuka kanthi iringan gendhing caping gunung. Yuni Wulandari, waranggana sing njoget ngadhepi bupati mesem ngujiwat saben dipandeng bupati. Sedhela-sedhela ngguyu karo nginger sirahe, jalaran bupati saben nglebatake sampur lan nggejukake sikil ora salaras karo unine kendhang lan unine gong. Sauntara sing ndeleng padha keplok.
’’Maklum! Penggaotane bupati ora mbesa,’’ Lamijan nyuwara rada banter.
Sarampunge gendhing caping gunung, bupati ngrogoh sak clana njupuk dhompet. Ngodos dhuwit saweran Rp. 100.000 diwenehake Yuni Wulandari. Waranggana saka Tuban iku banjur diajak salaman bupati. Katon tangane bupati keket nalika nggegem tangane Wulandari.
’’Kesenian tayub harus kita lestarikan, jangan sampai punah karena ini warisan dari leluhur kita. Mohon maaf, saya harus pulang dulu karena masih ada tugas yang sangat penting,’’ andhare bupati marang masyarakat Sumberklinthing sing nekani sedekah bumi.
Mlakune bupati saka kalangan tayub nuju mobil dinas ditutake pamong desa lan tokoh masyarakat. Let sedhela, swara sirine mobil pengawal muni banter bareng karo mlakune mobil sing ditumpaki bupati lan mobil rombongan pejabat sing melu nekani adicara sedekah bumi. Mobile bupati sakrombongan ngliwati dalan makadam. Bleduk mabul-mabul saurute dalan merga diterak ban mobil sarta kegawa angin.
Sawise teka omah dinese, Harjowiyoto banjur mlebu kamar. Coplok klambi banjur nggletak ing ndhuwur kasur pegas. Njupuk remot ac, disetel kanthi suhu 18 derajat celcius, nanging dheweke ora bisa ngrasaake adhem. Awake krasa panas lan sirahe ngelu.
’’Ajudan! Aku jupukna obat penurun panas lan obat pereda nyeri kepala.’’
’’Inggih bapak.’’
Sawise ngombe obat, awake Harjowiyoto isih tetep krasa panas, sirahe uga isih ngelu. Malah yen dienggo nyawang plafon ukir saka gypsum njero kamare, rasane kaya muser-muser.
’’Wadoh… wadoh…!!!’’
’’Ampun… ampun…!!!’’
Ajudan sing krungu swarane ndara kanjenge saka njabane kamar ora wani takon utawa mbukak lawang kamar. Dheweke mung ngudarasa, kena apa bupatine sambat kayadene wong digepuki.
Harjowiyoto ndadak mbukak lawang kamar. Ajudan sing ngadeg ing pinggir lawang kaget.
’’Ajudan!’’
’’Inggih, bapak.’’
’’Panggil kepala Satpol, perintahkan untuk mengerahkan pasukannya untuk menjaga rumah dinas. Suruh pasukan Satpol untuk mengusir orang-orang yang demo hingga meninggalkan rumah dinas.’’
’’Siap, bapak!’’
Diprentah bupati, ajudan muni siap. Nanging dheweke bingung merga ora ana wong dhemo.
’’Ajudan! kowe aja bengong. Cepet celuk kepala Satpol, nek perlu karo Dalmas Polres kanggo ngusir wong sing padha dhemo. Iki sing mimpin dhemo wis ngincim. Arep nggepuki aku yen aku ora bisa nuruti kekarepane,’’ unine Harjowioto kanthi swara banter. Mripate pendiringan ngawasi kiwa tengene kamar.
Ajudan ngira, bupatine polah kaya ngono kuwi amarga kesurupan bangsa alus nalika nekani acara sedhekah bumi. Senajan mengokono dheweke tetep budhal ngandhani kepala Satpol. Ora ngandhani supaya kepala Satpol nyiagakake pasukan kanggo ngusir wong demo. Naning perlu ngandhakake tingkah polahe bupati sing ora tinemu nalar.
’’Pak Maidin, gandheng kalih kedadosan punika njenengan kedah enggal dugi teng rumah dinas,’’ unine ajudan marang kepala Satpol.
’’Ya. Aku ya kepingin weruh dhewe crita sakbenere.’’
Maidin karo ajudan bingung jalaran nalika teka loji kabupaten weruh bupatine lungguh ing ndhuwur meja madhep ngalor karo maca buku strategi politik modern. ’’Dari buku ini bisa kutaklukkan rakyat dan semua lawan politik. Makin banyak harapan yang kuberikan kepada mereka, mereka akan makin bingung menentukan pilihannya. Luar biasa! Mencapai kekuasaan tak harus dengan kekerasan tapi hanya dengan banyak menebar janji dan keramahan retorika,’’ unine Harjowiyoto karo ngguya-ngguyu dhewekan.
’’Sugeng sonten, bapak.’’
’’Kenapa kamu lama sekali datang?!’’
’’Nuwun duka, bapak. Ban mobil kula bocor wekdal perjalanan mriki, lajeng mlebet bengkel rumiyin. Dhateng bengkel antri. Wonten dhawuh, bapak?’’
’’Tadi ada seribu orang lebih mendemo saya. Ada beberapa orang menerobos masuk ke rumah dinas dan mengancam saya. Mereka kurang ajar dan sudah keterlaluan. Untung mereka berhasil saya usir. Kamu juga begitu. Apa sudah bosan kerja?’’ unine Harjowiyoto. Swarane banter, ngumandhang ing saknjerone omah dinas nganti keprungu tekan pos penjagaan. Sing diuneni ndhingkluk, ora wani kumecap senajan mung saukara.
Lagi teka. Maidin langsung digemprong. Praupane abang mbranang. Dheweke banjur diprentah njaga omah dines lan kantor Pemkab. ’’Sekarang sudah aman. Saya mau istirahat. Ingat! Kamu tidak boleh meninggalkan tempat.’’
’’Inggih.’’
Jlaaak! Harjowiyoto nutup lawang kamar sing dienggoni turu. Maidin langsung mlaku nuju pos penjagaan karo ngedumel ing njero atine.
’’Sawengi ora ngimpi apa-apa. Awak kok ya diseneni bupati. Sing gak waras ki aku apa sapa?’’
Ing njero pos penjagaan Maidin ngodhos telpon genggame saka sak clanane. Ngontak ajudan lan anak buahe saperlu diajak rembugan. Takon bener lan orane ana wong sewu sing mentas ndhemo bupati. ’’Mboten wonten tiyang dhemo. Niku namung crita ngayawara damelane pak bupati,’’ unine ajudan.
’’Lha kok anak buah sing diseneni. Pa dianggep kene iki seneng ludrukan?’’ semaute Maidin.
Durung suwe anggone Maidin rembugan, keprungu swara tulung-tulung saka njero omah dines bupati. ’’Tolong-tolong! Mereka akan membunuh saya. Tangkap mereka!’’
Maidin lan anak buahe cacah wolu lan ajudan mlayu sipat kuping nuju omah dines bupati. Kabeh siyaga kanthi nggawa kenthes ireng saka wit aren. Lawang ngarep loji kanjengan bentuk kupu tarung saka kayu jati ambane patang meter dhuwure telung meter langsung didobrak.
Swara njaluk tulung isih ngungkung.
Ing njero loji babar pisan ora ana wong. Maidin mlaku nuju kamar paturone bupati. Lawange menga. Harjowiyoto lungguh ndhepipis ing ngisor meja. Awake dibungkukake. Nyembah-nyembah sing lagi teka karo njaluk sepura.
’’Jangan pukuli atau membunuh saya. Kamu minta apa saja akan saya turuti,’’ unine marang sing padha dhemo.
’’Kowe pancen pejabat keparat. Salahamu wis tumpuk undhung tapi isih seneng ngakali rakyat,’’ semaute sing mimpin demo.
’’Takpateni!’’ unine salah sijine sing melu dhemo.
’’Ampun…!’’
’’Kowe ki bupati sing sok suci nanging sejatine atimu rusak. Mentalan. Nggragas. Duwit milyaran bantuan korban banjir mbok embat. Kuwi ngono jatahe rakyat sing padha susah kenek musibah,’’ unine sawijining pawongan sing dhemo.
’’Wong iki senengane ngumbar janji. Bangsane dhewe sing kudu menehi pelajaran. Ayo digepuki bareng-bareng,’’ semambunge.
’’Ampun… ampun…!’’ Olehe nyawara njaluk tulung tambah banter.
Maidin lan anak buahe serta ajudan terus mlaku nyedhaki bupatine. Ngadhepi kedadeyan ngene iki ora kena nganggo cara sembrana. Perlu nganggo ademe pikir lan ati sing resik. Maidin banjur njupuk banyu putih diwadhahi gelas, banjur didongani. Banyu putih banjur diombeake bupati lan diusapake ing sirahe tekan sikile.
Sirep.
Sodik Haryono, dokter pribadi bupati ditelpon karo ajudan supaya cepet menehi pitulungan medis. Jarene dokter, lelakone bupati sing kaya ngono iku merga depresi. Keselen merga sabendina kakehan pegaweyan sing diayahi. Senajan mengkono, isih akeh perkara sing ora bisa dirampungake.
’’Beliau hanya sangat kelelahan. Mestinya harus diimbangi dengan istirahat yang cukup ketika energi yang dikeluarkan setiap hari terlalu banyak. Fisiknya sangat sehat,’’ andhare Sodik Haryono nalika ditakoni wartawan sing ngaweruhi prastawa kasebut.
Maidin lan ajudan uga ngrungoake keterangane dokter. Nanging dheweke tetep mikir jero bab lelakon sing dialami bupatine.
Harjowiyoto ora mung disuntik karo dokter nanging uga diwenehi obat multivitamin lan obat penenang.
’’Obat penenangnya diminum lima kali sehari. Biar kesehatan bapak cepat pulih.’’
’’Ya.’’
’’Kalau bisa, dalam waktu 3 minggu bapak jangan memikirkan tugas-tugas yang berat.’’
’’Selama ini saya nyantai aja dok. Gak pernah mikir serius.’’
’’Kalau begitu, tolong usahakan setiap hari berpikir tentang hal-hal yang positif. Hal ini sangat bermanfaat karena berpikir positif bisa membuat sel-sel dalam tubuh manusia menjadi sehat. Manusia yang selalu berpikir positif maka badan dan jiwanya menjadi sehat pula,’’ andhare dokter Sodik Haryono.
Sawise nambani lan menehi advis, dokter Sodik Haryono banjur mulih.
Senajan kahanan wis sirep, nanging Sutinah Wulandari, bojone Harjowiyoto isih bingung. Wedi yen sing lanang nemahi lelakon ngono maneh. Dheweke banjur mrentah Maidin supaya marani kyai Muntholib Syafi’i. Kyai Muntholib duwe pondhok pesantren gedhe, panggone ing pinggir alas jati, santrine cacahe nganti 3000. Kejaba iku uga kawentar kaweruhe ing babagan agama lan seneng tulung-tamba marang wong liya.
Jam 10 bengi malem Jemuah Kliwon, Kyai Muntholib teka ing omah dinese bupati. Tekane ditampa dening Sutinah. ’’Pak kyai, nyuwun tulung supados bapak dipun sarengati kersane enggal dhangan, sehat kados sabendintenipun,’’ unine Sutinah.
Harjowiyoto banjur diajak salaman karo Kyai Muntholib.
’’Njenengan langkung sae menawi nyuwun sepura dhateng masyarakat ing kabupaten mriki,’’ andhare Kyai Muntholib.
’’Yi! Aku ora nate duwe kesalahan. Dadi ora perlu njaluk sepura.’’
’’Panjenengan nate janji ajeng mbantu tiyang meskin saged mertamba gratis sarta sekolah gratis, nanging dereng njenengan lampahi. Niku ingkang njalari njenengan asring didugeni pawongan kathah kados tiyang dhemo.’’
’’Yi! Aku ora nate menehi janji masyarakat. Nek aku nggawe kontrak politik pancen takakoni. Jenenge kontrak politik iku ora kudu dileksanakna,’’ unine Harjowiyoto.
’’Nyumanggaaken dhateng panjenengan. Nanging menawi mbenjang wonten lelakon kados digrudug tiyang kathah, niku urusan njenengan piyambak.’’
Diuneni ngono, Harjowiyoto ora njawab. Kyai Muntholib banjur pamitan mulih karo ngucap istighfar. ***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar