Sabtu, 28 Juli 2012

Omah


Crita Cekak ------------
Dening : Kang Zen Samin
Omah
Omah joglo ing pinggir dalan gedhe jurusan Bojonegoro - Cepu gawe kesengseme wong sing padha ndeleng. Kembang ing taman ngarepe omah iku katon endah yen disawang. Wit-witan dhuwur ing kiwa-tengene omah ndadekake adheme plataran ing ngisore.
Emane. Omah joglo gedhe iku wiwit 20 taun kepungkur suwung merga ditinggal sing nduwe, kaji Harun.  Senajan mengkono, plataran omah katon resik jalaran sabendina disaponi Edi, ponakane  kaji Harun.
Wong sing omahe cedhak omah joglo iki padha seneng ngiyup ing ngisor wit-witan gedhe yen ngepasi awan nganti panase kentheng-kentheng. Suwasanane adhem, jarene sing padha ngiyup. Apamaneh yen ana angin sumilir njalari sing ngiyup ing kono liyer-liyer ngantuk, ana uga sing kebacut keturon.
Martono bola-bali diundamana bojone jalaran saben leren ing plataran omah joglo banjur lali omahe dhewe. Senajan mengkono, dheweke ora kapok. Saben mulih saka tegalan meksa mampir ngaso ing ngisor wit pelem wetane omah joglo iku.
Saemah, bojone Martono, srengen maneh jalaran nganti surup sing lanang durung mulih saka tegalan sawise ngundhuh kacang lan ngarit suket kanggo sapine. Wiwitane Saemah ngira, bojone isih ngarit utawa njabuti suket njambrung sing ngganggu tanduran kacange, mula dheweke banjur nyusul ing tegalan. Suket njambrung yen ora dijabuti bisa ndadekake kurune tanduran kacang sarta ora bisa gembel wohe.   
Sing disusul jebule ora ana. Tegalan sepi  mampring. Saemah banjur bali mulih, mlaku kebat turut galengan karo nyincing jarik. ’’Kurang ajar! Wong lanang ora kenek dienteni wong omah,’’ celathune.
Saemah nggetem atine jalaran yen sing lanang telat mulih saka tegal wis mesthi ngleset ing ngisor wit pelem pinggir omah joglo. Mula dheweke banjur mlaku nuju omah suwung duweke kaji Harun.
Ora lidok, Martono ana ing kono. Keturon. Turu mujur ngulon sirahe bantalan sak isi suket. Kacang lanjaran patang until sing dienteni bojone gemlethak ing pinggire sak.
Ora sranta. Saemah njupuk pang lamtoro garing banjur digepukake bojone. ’’Kurang ajar! Wong lanang senenge mlanggrang wong wedok. Kacang dienteni ape dienggo njangan malah mbok klemprakna nok kene. Apa anakem mbok kongkon mangan sega puteh. Kurang ajar! Wong lanang mburu senenge dhewe,’’ celathune Saemah.
Martono tangi gragapan. Tangane dibatek bojone. ’’Ndang muleh. Rumangsanem omah gedhe iki nggonem ngono piye?’’ Diuneni ngono, Martono ngadeg tanpa kumecap, banjur nyunggi sak isi suket mlaku mulih. Kacang patang until digawa bojone.
’’Sesuk maneh ora usah moleh nek mbok baleni mlebu pekarangan omahe kaji Harun,’’ ujare Saemah sawise tekan omah.
’’Aja ngono. Kowe ki bojoku. Ngregani aku sithik ngono kenek opo? Kawit saka dalan nganti tekan omah kok nggremeng,’’ semaute Martono.
’’Aku ora nglarang nek kowe pingin ngenggoni omahe kaji Harun. Tuku mesisan ben aku karo anakem padha melu ngrasakna seneng. Isa turu nok omah gedhe.’’
’’Dhuwit saka ngendi nggo tuku omah kuwi? Nduweku mung tegal ambane sakgodhong jenar tinggalane mbokku. Apa mbok kon ngedol lemah tinggalane mbokku kuwi?!’’
’’Halah. Kok malah srengen. Pokoke titeni, nek kowe saba maneh nok omah suwung duweke kaji Harun, becik ora usah moleh sisan.’’
Senajan ajeg diundamana bojone nanging Martono sajake ora merduli. Awit atine krasa ayem lan pikire adhem yen wis mlebu pekarangan omah joglo kuwi. Nganti lali sejatine dheweke wis duwe omah dhewe.
Omah joglo suwung. Ora mung gawe pikire Martono kepincut kaya wong liwung. Ana uga mahasiswa saka Universitas Brawijaya aran Hendriko  Sasmita Adi sing kepingin manggon ing omah iku nganti kedlarung-dlarung.
Wiwitane, Sasmita ngiyup ing emperan omah joglo suwung nalika udan deres. Leren ngiyup kanggo ngendhani supaya bukune kuliah ora teles. Uga kanggo ngendhani masuk angin jalaran keceblokan banyu udan.
Sasmita tansah kelingan omah joglo iku jalaran dheweke weruh bocah wadon ayu nalika ngiyup. Caren, bocah wadon iku anake kaji Harun, mampir sedhela ing omah joglo nalika nyambangi bulike sing nandhang lara kanker rahim.
’’Aku kelingan terus bocah wadon iku. Kamangka bocahe babar pisan ora nate nyawang aku nalika aku ngiyup. Merga bocah wadon ayu iku, aku kepingin terus mampir ing omah joglo iku,’’ kandhane Sasmita.  
Saben malem minggu, Sasmita merloake ndeleng omah joglo. Tujuwane, yen bisa ketemu maneh karo Caren, dheweke arep kandha yen seneng lan arep dinikah. Emane, Caren ora nate katon maneh jalaran wis omah-omah ing Jakarta.
’’Takrewangi ijlig dolan saba omah suwung nganti patang taun, ning ora nate maneh ketemu Caren. Akire aku sadhar yen rupane Caren sing ngganggu pikiranku,’’ unine Hendriko marang Jimmy, kancane sing ajeg diajak nyambangi omah suwung iku.
’’Nek kowe wis sadhar, aku sing seneng merga ora mbok jak maneh wira-wiri marani omah suwung iku. Angen-angenmu nok omah suwung iku banget ora migunani,’’ semaute Jimmy.
********
Omah joglo suwung. Uga gawe pikire wong sugih dhuwit padha bingung. Omah iku ambane 20 meter pesagi, dhuwure 4 meter, cagake 30 sentimeter pesagi saka kayu jati lawas, gebyoge uga saka kayu jati kandele 3 sentimeter. Dibangun ing ndhuwure lemah ambane 1.000 meter pesagi.
Wong sugih dhuwit, bingung kepingin nuku omah iku jalaran ing plataran ngarepe omah iku dipasangi tulisan RUMAH DIJUAL - HARGA Rp 300 juta. Rega sakmono kapetung murah, kanggone wong sing duwe dhuwit.
Akeh wong numpak mobil mewah sing liwat jurusan Bojonegoro – Cepu padha mandheg ing ngarep omah joglo iku. Perlune takon jenenge wong sing nduwe omah merga kepingin nuku. Warga ing kiwa-tengene omah joglo mung bisa mangsuli, sing duwe omah iku kaji Harun. Ora ana sing bisa mangsuli yen ditakoni ing ngendi omahe kaji Harun saiki.
’’Duka Pak! Kula mboten ngertos griyane pak kaji Harun sakniki,’’ unine Arip, bakul kopi kothok ing ndhuwur trotoir cedhak omah joglo nalika ditakoni wong sing lagi mudhun saka mobil Alphard. Arip kerep ditakoni wong sing kepingin nuku omah joglo merga warunge bukak 24 jam. 
’’Njenengan tangklet Min Klowor mawon, Pak. Mangke saged komplit datane,’’ unine Arip.
’’Sapa Min Klowor iku?’’
’’Makelar omah kajeng jati lawas.’’
’’Omahe sisih endi?’’
’’Griyane Ngrejeng. Watawis gangsal kilo saking mriki.’’
’’Ya. Aku takmrana saiki.’’
Wong sing numpak mobil Alphard langsung nggoleki Min Klowor ing desa Ngrejeng. Jebule, makelar omah kayu jati lawas iku uga kandha ora weruh omahe kaji Harun nalika ditakoni.
’’Jare awakmu sing ngerti omahe kaji Harun,’’ unine sing lagi mudhun saka mobil mewah iku.
’’Kula mboten ngertos, Pak. Menawi njenengan pingin saestu tumbas griya joglo menika, mangke kula terke teng griyane Edi, ponakane pak kaji Harun,’’ unine Min Klowor.
Wong numpak mobil Alphard sing kepingin banget nuku omah joglo iku banjur ngajak Min Klowor nggoleki Edi. Naging sawise ketemu, Edi uga kandha ora weruh omahe kaji Harun, senajan dheweke isih pernah ponakane.
’’Saestu pak, kula mboten ngertos daleme pakdhe kula,’’ unine Edi.
’’Lha kowe ponakan cap apa kok ora ngerti omahe pakdhene dhewe,’’ unine wong sugih sing numpak Alphard.
Min Klowor banjur nyedhak mbisiki Edi. ’’Kowe nek isa methukna bos iki karo pakdhenem, kowe ape diwenehi dhuwit Rp50.000. Lha nek omahe wis dituku, kowe ape ditambahi fee Rp5000.000,’’ kandhane Min Klowor.
’’Sumpah, Min. Aku ra ngerti omahe pakdheku,’’ semaute sing dibisiki.
’’Ora ngerti piye? Wong kowe sing masang tulisan nek omahe pakdhenem didol. Sing mbayari pajek saben taune yo kowe.’’
’’Ancen aku sing dikongkon masang tulisan nek omah kuwi didol. Nalika iku pakdhe saka Jakarta mampir kene. Terus dhuwit kanggo mbayar pajek dikirim pakdhe liwat rekening. Mung kuwi thok!’’
’’Ed! Dhuwit limang yuta ngono akeh. Saiki kowe kudu golek cara supaya isa pethuk pakdhenem, usahakna nganggo caranem dhewe,’’ Min Klowor terus ngrayu.
Edi wiwitane ora kepingin nggoleki pakdhene amarga dheweke pancen ora weruh alamate pakdhene sing anyar. Nanging dheweke akire kepincut rayuwane Min Klowor. Dheweke banjur nggoleki Lurah Wito jalaran Lurah Wito sing nggaweake surat pindhah tempate kaji Harun.
Kepethuk lurah Wito ing balai desa. Edi dikandhani yen pakdhene wiwit 20 taun kepungkur manggon ing Palangkaraya, Kalimantan Tengah. Sawise nampa katrangan yen pakdhene ing Kalimantan, Edi banjur lunga nggoleki omahe pakdhene. Budhal nggawa sangu Rp500.000. Numpak kapal laut. Telung dina lagi tekan panggonan sing dituju.
Wiwit budhal saka omah, Edi duwe pangangen-angen, yen kepethuk pakdhene mesthi bakal diijoli sangune. Dheweke  isih bakal nampa Rp 5 yuta yen omah joglo wis didhuwiti pak Jamal, wong sugih sing numpak mobil Alphard. ’’Sedhengan nek aku entuk persen limang yuta. Kenek takenggo nukokna sepeda jengki anakku karo nukokna kalung bojoku,’’ grenenge Edi.
Jam 12 awan Edi mudhun saka bis ing terminal W.A. Gara ing dalan Mahar Mahir, Palangkaraya. Omahe kaji Harun saka terminal adohe watara 300 meter. Mula Edi cukup mlaku, kanggo ngirit sangu. Omahe kaji Harun katon luwih gedhe yen dibandhingake karo omah liyane ing dalan Mahar Mahir. Tingkat loro, latare amba ana tandurane kembang maneka werna, uga ana tanduran wit pelem lan klengkeng.
Edi seneng banget weruh pakdhene lungguh ing teras. ’’Ora rugi olehku nglurug nganti tekan Palangkaraya,’’ grenenge. Kaji Harun njomblak kaget weruh ponakane. Edi dirangkul kaji Harun ing ngisor teras jalaran wis suwe ora nate ketemu.
’’Weleh pakdhe! Panase teng mriki sadubilah, sami kalih panase teng pulo Jawa. Kados ajeng ngobong kulit raose,’’ unine Edi.
’’Yo ngene iki. Saben ketiga panase ora jamak. Mula aku metu ngisis golek angin ing ngisor teras kene,’’ sambunge kaji Harun. ’’Apa ana sing wigati kowe kok adoh marani aku nganti tekan Kalimantan?’’
’’Nggih pakdhe! Griya joglo kagungane njenengan ajeng ditumbas tiyang Jakarta. Seminggu malih ajeng dibayar lunas.’’
’’Wong Jakarta sapa jenenge?’’
’’Pak Jamal. Merdamel teng Setneg, terose.’’
’’Mosok wong Jakarta sing ape nuku omah kuwi?’’
’’Nggih. Saestu! Waune kathah ingkang ajeng numbas griya niku. Nanging kula bingung njawab amargi dereng sumerep griyane njenengan.’’
Kaji Harun meneng ora mbacutake ngrembug omahe joglo. Dheweke banjur ngadeg ngajak Edi mlebu njero omah nuju ruang makan. ’’Ayo mangan ndhisik. Rembugan bab omah mengko dibaka maneh. Njupuk banyu saka kulkas kae ngombene, ben adhem,’’ unine kaji Harun.
’’Nggih pakdhe. Cuocok. Kula pas kaliren niki.’’
Sarampunge mangan, Edi diajak lungguh kursi sofa ing ruangan tengah. Edi dikongkon mangan woh-wohan sing wis cemepak ing ndhuwur meja rupa apel, anggur, jeruk lan gedhang emas.
’’Njupuka buah sing mboksenengi.’’
’’Inggih Pakdhe!’’ sambunge Edi karo jupuk apel impor rupane abang.
’’Ed!’’
’’Nggih Padhe.’’
’’Omah joglo kae sejatine ora niyat takdol.’’
’’Loh? Kok saged ngaten Pakdhe?’’
’’Sido takdol apa ora, kuwi urusanku, senajan kowe takkongkon masang tulisan yen omah iku didol.’’  
Edi nglokro nalika krungu pakdhene kandha yen omahe ora didol. Dheweke banjur crita marang pakdhene yen suwene rong sasi sawise ngarep omah joglo dipasangi tulisan rumah dijual, wis ana wong 40 sing kepingin nuku omah iku.
’’Kula ngantos kesel njawab pitakone tiyang sakmonten kathahe. Niku dereng kapetung blantik-blantik sing kandha ajeng madosake lebon,’’
’’Bab omah joglo ora perlu mbokpikir maneh, Ed. Aku ora niyat ngedol omah iku.’’
’’Lajeng?’’
’’Tulisan rumah dijual sing mbok pasang kae aja mbok thethel. Benke wae.’’
’’Lha kula lajeng pripun mangke menawi ditangkeli tiyang-tiyang?’’
Kaji Harun kaya ora ngrungoake maneh guneme Edi. Dheweke ngadeg saka kursi sing dilungguhi banjur mlaku metu. Njupuk selang banjur nyiram kembang maneka warna ing taman ngarep omahe. Lakune kaji Harun ditutake Edi ing mburine.
Edi dikongkon nyedhak. Dikandhani yen omah joglo ora sida didol amarga mung dienggo menehi pelajaran marang wong sing butuhe nglumpukake donya.
’’Yen ana maneh wong kandha arep nuku omah joglo kae, ora perlu mbokjawab. Nek perlu tinggalen nyingkrih. Salahe dhewe wong kok gampang kepincut tulisan lan iklan,’’ pangucape kaji Harun.
Sawise diuneni ngono, Edi dikongkon bali mulih karo pakdhene. Omah joglo suwung tetep dikongkon ngresiki. Ragad sangune Edi kanggo lunga menyang Palangkaraya diijoli karo kaji Harun. Edi diwenehi dhuwit limang yuta bungkusan kertas soklat. ***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar