Sabtu, 11 Mei 2013

SAPA SING CENGOH?

Sapa sing Cengoh?
Apa pemerintah Indonesia wis pekok
pemerintah ora duwe isin
Apa kita wong Jawa sing wis ringkih
Delengen kae
Mahasiswa-mahasiswi ing pawiyatan luhur padha playon
Yen arep golek pethok sarjana S-2
padha mlayu kuliah maneh ing Universitas negara Belanda sarta Australia

Apa negara Indonesia wis ora gablek dangka
Apa ing kene wis ora ana sarjana basa Jawa
kang bisa mulang mahasiswa S-2, S-3 basa Jawa
Sapa sing Cengoh?
Sapa sing pinter?
Pinter anggone orat-arit basa lan sastra Jawa
Pinter mbalekake jayane basa lan sastra Jawa
Sapa sing wani?
Wani bali menyang basa lan sastra Jawa
kang kebak tuntunan budi pekerti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar