Sabtu, 11 Mei 2013

JAMAN EDAN KANG PUNGKASAN

Ora ana cathetan kapan wiwitane jaman edan
Jaman edan
mbokmenawa tinulis kang wiwitan
nalika Nabi Adam kena godhane setan
Jaman edan
nepsu ala sing dadi komandhan
akal budi dipendhem ing pluruhan
... Jaman edan
saemper wis mlebu garis pungkasan
Ilange jaman edan tekane jaman kalabendhu
Sapa salah wis mesthi seleh
maling, brandhal lan kecu dijeblosake pakunjaran
Sing korupsi dienggo tontonan ing tivi
uga diadili liwat koran
banjur dikurung ing kamar rujine wesi
Jaman kalabendhu
tandha tekane jaman seta kahuripan
jamane wong urip seneng nandur kabecikan
wekasane urip kebak kamulyan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar