Sabtu, 28 Juli 2012

Wong Ngemis


Cerkak ----
Dening: Kang Zen Samin
Wong Ngemis
Wong ngemis nganggo klambi putih kumel, clana ireng mbladhus iku saben jam wolu esuk mlaku ngubengi alon-alon. Wiwit saka wetan dalan Pahlawan banjur menggok ngalor tekan dalan Mastumapel, sabanjure mlebu pasar kutha. Ora akeh sing weruh ngendi omahe wong ngemis iku. Sing jelas mung pakulinane, saben mlaku mampir warung, tanpa ngomong langsung ngathongake tangane. Sing nduwe warung wis padha ngerti karepe wong ngemis iku, mula ora let suwe wong sing nduwe warung banjur njupukake es utawa kopi diwadhahi plastik.
’’Nyoh, iki ndang diombe. Ndang ngalih,’’ ujare Maklik, bakul kopi ngarepe kantor Palang Merah Indonesia.
Wong ngemis iku tanpa kumecap banjur mlaku ngalor karo nyecep es teh wenehane Maklik. Karepe mampir warunge Rum, nanging ora sida merga diceluk lan diwenehi rokok karo Yulianto, sawenehing seniman sing ajeg cangkruk ngopi ing ndhuwur trotoar kono.
’’He! Leren dhisik. Ngudut kene lo. Aja kesusu ngalih. Kaya ape digudhak bang thithil wae,’’ unine Yuli sing wis kulina menehi rokok  wong ngemis iku.
’’Uh… uh… uh… uh…’’
’’Aja ngono ta. Mangan pisan po piye, sega kucing.’’
’’Uh… uh… uh…’’ unine wong ngemis iku banjur mlaku ngalor sawise nampani rokok.
’’Wis, embuh! Karepmu kono lah!’’
Tekan ngarep pendhapa kabupaten, wong ngemis bisu iku mandheg ndadak merga weruh pegawe Pemda padha baris upacara. Dheweke uga melu hormat nalika pegawe Pemda sing upacara padha hormat marang gendera merah putih dikerek mendhuwur. Dheweke mung bisa ngomong ah uh nalika ana pawongan sing ngadeg ing ngarep maca Pancasila banjur pidato.
’’Uh… uh… uh… au… au,’’ lambene dremimil, tangane kethowa-kethawe. Raine katon rada abang jalaran kena sunare srengenge.
Let sedhela, wong ngemis bisu iku ngguya-ngguyu jalaran dicedhaki pawongan sing pidato lan dikrubuti  pegawe Pemda.
’’Jenengmu sapa?’’
’’Au… au…Ha.. ho ho.’’
’’Aku ki takon, jenengmu sapa?’’
’’Au ha ho ho,’’ wong bisu iku ngetokake suwara saka cangkeme karo ngelus-elus wetenge nganggo tangan kiwa. Dene tangane sing tengen diacung-acungke ing ngarep cangkeme.
’’Kamu itu ngomong gak jelas,’’ ujare sing takon semu gregeten. Banjur ninggalake panggonan kono jalaran nganggep sing diajak ngomong iku wong sinthing lan ora penting yen dilebokake pikir..
’’A… au… ngo….owa. Au we ha. Au we ha,’’ suwarane sing ditinggal.
Pegawe Pemda kaya ora ana sing ngrungoake suwarane. Malah kabeh  mlaku gemrudug ngetan ngetutake pimpinane bali mlebu plataran pendhapa.
’’Siapa orang tadi. Maunya apa?’’
’’Ndak tahu, Pak. Dia orang bisu yang sering lewat sini,’’ unine Harsono, ajudan bupati marang atasane.
’’Ooo, saya kira orang protes. Ya sudah. Kamu besok ikut saya ke Surabaya bersama ibu. Malam harinya kita makan di restoran Cina. Masakannya uenak dan tempatnya ciamik.’’
’’Siap, bapak,’’ sambunge Harsono karo mbungkukake awake.
Sapungkure pegawe Pemda mlebu kantor, wong ngemis bisu uga mbacutake lakune. Ngalor parane banjur mlebu pasar. Mandheg sedhela. Ngadeg ing ngarepe warunge mak Ti, bakul sega pecel saka Desa Banjarsari.
Sajake mak Ti wis wanuh marang wong bisu iku. Mula dheweke gage njupuk godhong gedhang, diwenehi sega lan lawuh sakanane banjur diulungake  wong bisu iku. ’’Ndang dipangan. Ngombe teh tawar wae ya, gula saiki larang,’’ ujare mak Ti. Sing diprentah banjur lungguh ing ndhuwur trotoar, mangan sega.
Sakwise segane entek, wong bisu iku ninggalake warung, tanpa pamit bakule. Ndeleng sikepe wong bisu ngono iku mak Ti ora kaget  jalaran warunge kaya wis didadekake langganan. Kadhangkala mak Ti diwenehi dhuwit sewu karo wong bisu iku sawise mangan, nanging ora ditampa.
Darsono, jenenge wong ngemis iku, asale saka Desa Bakalan. Nduwe omah gedhene sakkandhang wedhus, gedhege welit saka alang-alang, nanging dheweke ora nate mulih. Uripe turut-turut dalan, turune saenggon-enggon.
Wengi iku Darsono turu ing tribun alon-alon. Nanging dheweke kudu tangi esuk jalaran ing alon-alon kono arep diadani upacara hari Kebangkitan Nasional. Jam enem esuk, tribun kudu wis resik jalaran saben ana upacara dienggoni lungguh para pejabat, mulai saka anggota DPRD, muspida, camat, kepala dinas,  lan tokoh masyarakat.
Darsono ngadeg ing njabane pager alon-alon nalika para pejabat sing upacara padha ngangkat tangan hormat gendera merah putih. Dheweke uga melu hormat, nanging awake ora bisa tegap. Tangane ora bisa hormat sampurna jalaran mung ditempelake rambute.
Bubar upacara, Darsono ngadeg ing trotoar ngarepe gapura alon-alon. Eman, jalaran nalika  ditakoni bupati dheweke ora bisa njawab kanthi cetha.
’’Kamu itu ngomong gak jelas. Maksudmu apa?’’ ngendikane bupati Sugiyoto karo mlaku ninggalake alun-laun mbarengi  pejabat liyane.
’’Au he hu. Ha hik. Hu ha hi, cha hak,’’ unine Darsono ora leren-leren. 
********
Bupati Sugiyoto nimbali ajudane sawise tekan loji kabupaten.  Perlune arep takon apa karepe wong bisu sing wis ping pindho nemoni dheweke.
’’Orang bisu tadi ngomong apa?’’
’’Siap bapak! Dia tadi ngomong minta bantuwan makan. Katanya perutnya lapar.’’
’’Lho! Kalau minta makan caranya tidak begitu. Nggak sopan. Mestinya buat proposal dulu, kemudian diajukan ke saya.’’
’’Siap Bapak! Besok dia akan saya temui dan saya suruh membuat proposal.’’
Ajudan bupati akire nggoleki Darsono. Ketemu ing tribun alon-alon sisih kulon. Darsono mikir pethenthengan jalaran dikongkon nggawe proposal. Sakjane butuhe mung njaluk mangan, nanging  malah dikongkon njaluk tandatangan lurah karo camat ing proposal sing kudu dikirimake marang bupati.
’’Au. Hi hi, o mh i. auh auh,’’ unine.
’’Ya njaluk tulung tanggamu sing isa nulis. Utawa njaluk nggawekke lurahmu. Mengko lurahmu taktilpune. Nek wis dadi wenehke aku, tak terusne nyang Pak Bupati,’’ prentahe ajudan.
’’Heh ck ck mh mh.’’
Nggawe proposal kanggone Darsono penggaotan sing angel banget. Kejaba dheweke  ora bisa ngomong, uga ora bisa nulis jalaran sekolahe mrothol nalika kelas siji SD. Olehe sekolah prothol jalaran bapak lan ibune mati tabrakan nalika budhal ndeleng perayaan Agustusan. Sabanjure Darsono melu simbahe ing ndesa.
Darsono kapetung isih beja jalaran diwenehi surat saklembar dening ajudan bupati. Surasane surat yaiku mrentah lurah Bakalan supaya mbantu nggawekake proposal Darsono.
’’Uh uh. Hak hat,’’ unine Darsono karo ngulungake surat marang Suhono, lurah Bakalan.
’’Ya, tak bantu nggawe proposal.’’
’’Pak carik, Darsono gawekke proposal nggo njaluk mangan. Kepadane bupati. Ukarane aja nganti kliru,’’ sambunge Suhono ganti mrentah carike.
’’Nggih, Pak Lurah,’’ semaure carik.
’’Heh! Rene kowe! Proposalmu sesuk jam 9 lagi dadi. Kowe mrene maneh ya,’’ unine carik.
’’Aih aih,’’ semaute Darsono karo mbungkuk-mbungkukake awake.
Sakwise njupuk proposal ing balai desa, Darsono nggeblas nuju kantor Pemda ing wetane alon-alon. Tekan pos penjagaan Satpol PP, dheweke dicandhak klambine karo sawijining petugas Satpol.
’’He, he! Kowe sapa? Rupamu ora nggadheg, klambimu kumel ndadak wani mlebu kantor Pemda sakkarepmu dhewe.’’
’’Hauw hauw. Hi hi,’’ unine Dasono karo ngulungake proposal wadahan amplop.
’’Wis ndang bali. Mengko suratmu takteruske nyang bagian Umum. Mengko Bagian Umum sing neruske nyang Pak Bupati,’’ andhare petugas Satpol karo nglingkis klambi njalari Darsono gupuh kaweden.
********
Wis limang sasi  proposale Darsono mlebu Pemda, nanging dheweke ora nate antuk kabar ngenani disetujoni apa ora panjaluke.
Ing sasi Oktober candhake, ana sawenehing pegawai Pemda ngandhani Darsono supaya teka maneh ing kantor Pemkab. Darsono mongkog atine jalaran duwe panduga menawa penjaluke bakal dituruti.
Nglokro. Jalaran sawise tekan Pemda mung dikongkon njupuk proposal sing digaweake pamong desane.
’’Dhawuhe pak bupati, suratmu enek tulisane sing kliru. Ukara iki sing bener ora njaluk nanging nyuwun kawelasan. Tulisan Pak Bupati yang terhormat ya ora ana,’’ unine staf ing bagian umum.
’’Uggg… Aug ahas.’’
’’Nggawe maneh ya, sing bener. Pak Bupati dhawuh, kowe tetep bakal diwenehi bantuwan kanggo mangan lawase limang taun, sauger apa sing mbok karepna bisa dimangerteni. Dadi proposalmu tetep dienteni,’’ sambunge pegawe mau.
’’Auh auh. Ngi dha su ho ho.’’ Dikongkon nggawe proposal maneh praupane Darsono katon ngresula. Tangan tengene ditempelake bola-bali ing banthuke. Raine didhangakake saithik, nyawang petugas Satpol sing ngadeg ing pinggire. Banjur ndhingkluk. Ngusapi kringet ing pilingane sisih kiwa nganggo suwekan kertas koran sing dijupuk saka kotak sampah cedhake pos penjagaan Satpol..
Lamun ora bisu, Darsono pengin ngomong kanthi cetha marang petugas Satpol. Mesthine Pak Bupati ora perlu nintingi ukara sing ora penting ing proposal. Sauger surasane proposal njaluk bantuwan wis cetha mesthine bisa langsung disetujoni. Embuh rupa dhuwit utawa beras sing kena dijupuk saben dina, saben minggu utawa saben sesasi utawa enem sasi sepisan.
’’Uh. Ehe hahe owa hi hei.’’
Patang dina candhake Darsono wis bali maneh menyang kantor Pemda, ngeterake proposal sing anyar. Batine rumangsa seneng jalaran awan iku dheweke bisa ketemu langsung karo bupati  kaya sing dikandhaake ajudan. Tekane Darsono ora ditampa bupati ing ruang dines nanging ing parkiran mobil dinas. Jalaran nepaki bupati arep budhal kunjungan kerja.
Proposal sing maune dikempit bapoh gage diwenehake marang Bupati Sugiyoto. Ing pikirane kebak pangarep-arep, proposal kasebut enggal diwaca lan disetujoni isine. Proposal dibuka sedhela dening bupati banjur ditutup maneh.
Darsono kaget jalaran  bupatine kandha yen proposal sing anyar iku uga kleru durung ana tandatangane Camat Kapas. ’’Kowe ki piye ta, kok nggladrah! Payah. Jaman wis canggih ngene isih enek rakyat sing dubleg kaya kowe,’’ ujare Sugiyoto sawise maca proposale Darsono sing lagi dibukak saka njero map.
’’Ngene lo cah! Kowe balik maneh nemoni lurah. Kandhani lurahmu, jarene Pak Bupati nggawe proposal kudu sing bener. Basane aja kasar kaya iki, sing alus. Penjalukmu bakal takturuti sauger cocok karo program sing wis ana. Karo maneh mbantu wong miskin kuwi wis dadi tugase pamerintah,’’ sambunge bupati.
Darsono manthuk-manthuk. Bupati Sugiyoto banjur njupuk banyu putih wadhahan gelas plastik lan getuk sakbungkus, banjur diulungake Darsono. ’’Makan dulu itu biar kenyang. Baru pulang.’’
’’Haih haih. Haih haih,’’ unine Darsono.
Sakpungkure metu saka plataran Pemda, Darsono meneg-meneg wetenge. Awake pluntiran banjur ambruk ing ndhuwur trotoar. Tukang becak lan pasukan kuning mlayu nulungi. Sokran, sawenehing pasukan kuning menehi banyu putih banjur diombeake  Darsono. Ndilalah karsaning Allah Darsono langsung katon sehat-sumringah. Karjan, tukang becak sing sabendina nyanggong penumpang ing ngarep kantor Pemda pengin ngeterake mulih Darsono. Nanging niyate Karjan ditolak.
Nganggo omongan sing angel dimangerteni, Darsono kandha  emoh diterke mulih sapa wae jalaran dianggep bakal ngrepotake wong liya. Dheweke banjur mlaku ngglunyur ngidul ngetan parane. Senajan mlakune katon gloyar-gloyor nanging Darsono ngaku wis ora ngrasakake lara ing awake.
Mulih ijen nganti tekan ngarep omahe. Ing ngarep lawang ana kayu pathing slengkrah. Omahe Darsono digedheki kepang, payone saka welit moyag-mayig keterak angin. Suwarane kemrisik. 
Tanpa dinuga, Darsono ambruk nganti sirahe ketatap bayang babrakan. Sambat.  Bengak-bengok suwarane dirungu tangga-tanggane. Tanggane banjur padha teka niyat aweh pitulungan. Ana sing njupukake banyu putih, uga ana sing njupuk endog pitik Jawa karepe diombekake Darsono supaya cepet bali pulih tenagane.
Nanging kabeh sing arep diwenehake iku muspra jalaran Darsono wis nazak. ’’Huuuh… huuuh…shuuuh.’’ Darsono nguneake suwara iki bola-bali.
’’Nyebut, Dar. Nyebut asmane Gusti. Nyebut, le!’’ andhare mbah Kaji Rohmat karo nyedhakake suwarane ing kupinge Darsono. 
Cangkeme Darsono umak-umik karo tangane kumlawe ditujokake marang kaji Rohmat. ’’Enek apa? Yen kowe nduwe penjaluk, ndang unekna ing ngarepku ,’’ sambunge kaji Rohmat sing nate momong Darsono wolung taun lawase sapungkure Darsono ditinggal mati wong tuwane sakloron. Mung kaji Rohmat sing ngerti apa  sing dijaluk Darsono senajan omongane ora jelas merga bisu.
’’Heh… geg dho has.’’
’’Ooo… njaluk spidol lan kertas kanggo ninggal wasiat. Ben kabeh tangga padha ngerti,’’ unine kaji Rohmat ngandhani tangga-tanggane.
Sawise dijupukake spidol lan kertas, Darsono nggambar kothak papat cacahe. Kothak sing siji ditulisi yen lemah tinggalane wong tuwane dikongkon ngedegi langgar. Sabanjure kothak liyane ditulisi angka siji, loro lan telu. Kothak nomer loro lan telu ditulisi aksara T lan A. Dene kothak sing nomer siji ditulisi jenenge Sugiyoto, ing ngisore diwenehi angka 2013 banjur disilang nganggo spidol rupa abang.
Ora let suwe, Darsono katimbalan ing ngarsaning Gusti. Awake lemes yen dicekel krasa anyep. Kaji Rohmat banjur ngusapake tangane ing mripate Darsono. Tangane Darsono disendhakepake ing dhadhane. Ora keri, dilah banjur disumet ing pinggire layon lan gaman ditumpangake ing dhadhane layon. Gaman diselehake ing antrane jantung lan ati. *** 

                                                                                     Bojonegoro, 10 Oktober 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar