Crita Cekak -------------
Dening : Kang Zen Samin
Buron
Jakiman, tukang becak sing sabendina golek penumpang ing koplakan bis Rajekwesi sambat ngrepyun jalaran wiwit esuk durung entuk penumpang. Pikire bingung jalaran sesuk esuk dheweke kudu wis cekel dhuwit Rp 25.000 kanggo nebus sragam sekolahe anake serta kanggo mbuwuhi tanggane sing duwe gawe mantu.
’’Kenek apa dina iki aku koyok disatru rejeki. Dosaku apa?’’ sambate Jakiman.
’’Ngko nek sampek jam 11 bengi ora entuk dhuwit, modar tenan aku. Terus golek sautan nok ndi. Kamangka nek aku moleh tanpa nggawa dhuwit wis mesti digemprong bojo,’’ unine Jakiman karo nggebuk-nggebukake tangane ing lungguhan becake.
Jakiman banjur mlaku nuju warunge Murtini arep utang wedang kopi. ’’Tin! Utang kopi. Mbayare nek aku wis entuk penumpang. Ngelu ndhasku! Wiwit esuk nganti bar ngisak durung etuk penumpang,’’.
’’Ra pa-pa lek Man. Wong kopi sakcingkir sewu mangatus wae. Sabar! Rejeki wis enek sing ngatur,’’ unine Murtini karo ngecong kopi sing dijaluk Jakiman.
Nalika Jakiman ngiling kopi ing lepek, ana bis Dali Mas mandhek ngudhunake penumpang. Kopine langsung disruput merga dheweke weruh ana penumpang loro lanang wadon, mudhun saka lawange bis.
’’Dongakno Tin, penumpang kae dadi rejekiku,’’ unine Jakiman karo mlayu nututi penumpang sing lagi mudhun saka bis.
’’Yo, lik Man.’’
Beja. Jalaran wong loro sing lagi mudhun saka bis kandha Jakiman butuh tumpakan menyang komplek pelanyahan Kalisari.
’’Monggo pak, kula terke teng pundi?’’
’’Kalisari, piro?’’ unine penumpang lanang ngenyang ongkos becak.
’’Selangkung ewu.’’
’’Aja larang-larang. Nek rong puluh ewu piye?’’
’’Yen penumpang dalu teng Kalisari nggih sakmonteniku ongkose.’’
’’Yo wis. Terna mrana aku. Rada cepet pak.’’
Jakiman langsung mancal becak sawise penumpang loro mapan lungguh becake. Dheweke mbatin yen wong lanang lan wong wadon sing numpak becak iku pasangan selingkuh jalaran njaluk diterake ing komplek palanyahan. ’’Suwengi ngko sing lanang mesthi ora gelem medhun, wong sing wedok ayune ngene,’’ grenenge Jakiman ing batin. Jakiman, uga kaya wong lanang liyane, lali butuhe yen ndeleng wong wadon ayu rupane.
’’Ah! Ora ngurus aku. Wong iku arep munggah ping piro wae, sing penting bengi iki aku wis nyekel selawe ewu,’’ unine Jakiman ing bathine.
Setengah jam lakune becak lagi tekan komplek palanyahan Kalisari. Wong lanang sing mentas mudhun saka becak ngrogoh dhuwit selawe ewu saka sak klambine, banjur diulungake marang Jakiman. ’’Matur nuwun pak,’’ unine Jakiman karo mbungkukake awake. Becake banjur diputer. Dipancal bali menyang koplakan bis Rajekwesi.
Wong wadon sing lagi mudhun saka becak ngadeg sedhela banjur ngomong. ’’Ayo bang. Cepat!’’ unine ndheseg kancane. Rupane ayu nganggo jaket ireng nyangklong tas soklat cilik.
’’Santai wae! Aja nganti target ngerti yen awake dhewe ing kene,’’semaute sing lanang.
Wong lanang lan wong wadon iku banjur mlebu omah palanyahan Kalisari sing ana tulisane Melati. Ing njerone omah iki lampune rada peteng. Akeh wong lanang lan wong wadon padha jejogetan. Sing padha jejogetan kala-kala mandheg, banjur ngombe bir sing lagi diiling ing gelas.
’’Mbak! Jupukna bir hitam karo bir Bali-Hai,’’ unine wong lanang pawakane gedhe dhuwur, rambute gondrong sing mentas diterake Jakiman. Dhewe banjur ngajak kancane wadon lungguh jejer ing pojok lor-wetan. Bir dibukak, disok ing gelas banjur diombe. Mripate wong loro iku nyawang kanthi teliti wong sing padha jejogetan. Kadhangkala wong loro iki ngomong alus, raine sing lanang dicedhakake ngarepe sing wadhon.
********
Jakiman ora ngurus apa wae sing arep dilakoni wong lanang lan wong wadon sing numpak becake ing komplek palanyahan Kalisari. Arepa kelon sedina suwengi wong loro iku, dheweke yo ora ngurus. Atine wis bungah jalaran wis ngesaki dhuwit selawe ewu kanggo butuhane sesuk esuk.
’’Ra nggagas wong gendhakan! Aku pe langsung muleh nek bar nyaur utang kopi,’’ grenenge Jakiman.
Sawise tekan koplakan bis Rajekwesi, Jakiman marani Murtini, bakul wedang kopi sing manggon ing lore lawang koplakan. Warunge Murtini dadi langganane ngopi Jakiman wiwit dheweke nyambutgawe mbecak 15 taun kepungkur.
’’Iki Tin, utangku. Aku langsung pe muleh. Bojoku mesthi wis arep-arep.’’
’’Yo mesthi! Bojomu wayahe njaluk jatah.’’
’’Ngrasakna jatah ngono kuwi! Dhuwite sing diarep-arep. Kanggo butuhan sesuk.’’
Jakiman banjur mulih sawise nyaur utang lan ngentekake sisa kopine sing ditinggal ing ndhuwur meja warung.
Sawise tekan omah, Jakiman kaget nalika arep ndeleh becake ing emperan omah jalaran weruh dhompet ing ndhuwur lungguhan becak. ’’Dhompete sapa iki?! Mosok dhompete wong sing numpak becak maeng?’’ grenege Jakiman karo mbukak dhompet kulit rupane soklat mateng iku.
Ing njerone dhompet ana KTPne wong lanang jenenge Yadam omahe Maospati, dhuwit Rp 500.000 sarta fotone wong lanang loro dirangkul wong wadon ayu ukuran 3R. Uga ana pasphotone wong lanang lan wong wadon ukuran 3 x 4 ing lempitan kertas folio putih. Pasphoto loro distempel nganggo mangsi wungu. Polda Metro, unine tulisan ing stempel.
’’Dhompete sapa sing kecer nok becak iki. Ngko sing nduwe aja-aja nggoleki rene nek dhuwite takjupuk,’’ grenenge Jakiman.
Dheweke banjur mlebu omah. Lawang omahe mung dicengkali dhingklik cilik saka njero karo bojone. Jakiman kari nyurung alon-alon lawang omahe saben dheweke mulih tengah wengi.
Kaya ana hawa aneh dirasaake Jakiman sawise dheweke nemu dhompet. Hawa aneh iku njalari dheweke ora bisa turu nganti jam 3 esuk.
Dhompet banjur disimpen ing njero lemari.
Lungguh dhingklik saka kayu waru ijenan. Anak bojone turu nglepus ing kamar. Rasa ngantuk wis ora kena diempet. Nanging saben mripate diremake, pikirane Jakiman nglayung tekan dhompet sing lagi wae ditemu ing becake.
Jakiman banjur njupuk mbako wadhahan plastik ing ndhuwur meja. Nggawe rokok tingwe. Diempak, beluke kemedhul mabul ngunggahi dop lampu listrik 5 watt sing dipasang ing ndhuwure meja.
Ana suwara gludhak-gludhuk ing njero lemari, banjur kasusul suwara wong lanang lan wong wadon kaya wong padu. Suwara iku banget narik kawigatene Jakiman awit punjere saka njerone lemari. Dheweke banjur nyendhaki lemari lan nyetitekake apa sing digunem suwara iku.
’’Abang yang ceroboh. Aku gak mau lagi bersama jika misi ini selasai,’’ unine suwara wadon.
’’Aja ngono, Watipah. Kowe ki mitraku,’’ semaute suwara lanang.
’’Busyet! Kau telantarkan aku malam ini, masih juga merayu.’’
’’Kabeh lelakon iki ora tak sengaja. Aku njaluk sepura, Watipah.’’
’’Jangan minta maaf. Jangan pula mendekat padaku. Aku ingin segera keluar dari almari ini.’’
Glodhak!!!
Ana suwara banter kaya palu disawatake ing njero lemari. Jakiman kaget. ’’Mokal tenan rasane. Nalar pikirku ora gathuk nyipati kedadeyan iki. Mosok ana wong geger nok njero lemari,’’ grenenge Jakiman.
Jakiman rada keweden. Dheweke banjur nggugah Kasipah, bojone, sing turu nglengger ing kamar. ’’Dhik. Dhik. Tangi! Enek kedadeyan aneh nok njero lemari.’’ Sing digugah tangi gragapan.
’’Eneng apa ta pak? Nggugah wong turu kok banter men,’’ unine Kasipah.
’’Eneng suwara wong padu nok njero lemari.’’
’’Ah! Sampeyan ki nglindur po piye?!’’
’’Nglindur piye, leh? Aku kawit maeng durung turu!’’ unine Jakiman karo nyekel keket tangane bojone. Kasipah nesu amarga digeret sing lanang diajak nyedhaki lemari.
’’Sampeyan ki kesurupan po piye? Olehem mergawe maeng entuk dhuwit po ora? Sesuk esuk kudu mbayar klambi sekolahe anakem, karo nggo buwuh nok omahe yu Tarijah sorene.’’
’’Perkara mbayar sragam sekolah karo buwuh dipikir ngko wae. Penting ngrungokna suwara wong padu sing misterius iki,’’ semaute Jakiman.
Jakiman bali nyedhaki lemari karo bojone. Mlaku rada mbungkuk, sikile diidakake lemah alun-alun supaya ora metu suwarane. Banjur kupinge dicedhakake lemari nganti jarake rongpuluh senti.
********
Suwara saka njero lemari metu maneh.
’’Yen kowe kesel, ndang ngaso turu dhisik, Watipah!’’
’’Tidur di mana? Mau bayar pakai apa kalau sewa kamar? Abang ceroboh.’’
’’Watipah, aja nesu. Awake dhewe ora bakal nemoni lelakon kaya ngene saumpama dhompetku ora ilang. Apa wae sing dadi pepalang tugase dhewe kudu diadhepi. Tinimbang yen ora kasil mengko dipecat atasan.’’
Sing diceluk Watipah kaya ora ngrungoake nalika diwenehi saran.
Dok! Dok! Dok!
Suwarane kayu dliko lemari kaya digejuki sepatu. Kasusul suwarane wong lanang banter, ngincim sing nemu dhompet. ’’Biajingan! Sapa sing nemu dhompetku njur ora gelem mbalekke, takbedhil sikile yen wonge takgoleki ketemu,’’ unine. ’’Apa ora ngerti sing duwe dhompet ki pulisi! Hancuk tenan,’’ bacute.
Jakiman keweden jalaran ana suwara ngincim arep mbedhil sing nemu dhompet. Dheweke banjur njupuk dhompet sing disimpen ing njero lemari.
’’Apa tenan suwara maeng metune saka dhompet iki,’’ grenenge Jakiman karo ngawasi bojone sing ngadeg ing ngarepe.
Dhompet kulit werna soklat iku dumadakan ngetokake suwara maneh nalika digegem Jakiman. Suwarane luwih banter.
’’Diancuk! Sapa sing nemu dhompetku. Yen wonge ketemu takbedhil tenan tangane. Keparat!’’
Jakiman gemeter. Dhompet dibukak ing ngarepe bojone. Dheweke kelingan wong wadon ayu sing numpak becake nalika ndeleng foto-foto ing njero dhompet. ’’Wah! Dhompet iki tibake nggone wong sing numpak becakku maeng, dhik. Cilaka tenan yen ora gage takwenehna sing nduwe,’’ unine Jakiman marang bojone.
’’Jupuk dhuwite dhisik pak nek dhompet kuwi ape mbokbalekna sing nduwe,’’ semaute Kasipah, bojone.
’’Ora wani aku. Aku wis diongkosi slawe ewu karo wong sing numpak becakku. Iki dhuwite. Sing sewu mangatus takenggo tuku kopi,’’ kandhane Jakiman, banjur ngulungake dhuwit Rp 23.500 marang bojone.
Jakiman banjur budhal menyang komplek palanyahan Kalisari kanthi ngonthel becak, perlune menehake dhompet marang sing nduwe.
Takon marang Likah, germa sing nduwe omah Melati. Dikandhani yen wong lanang lan wong wadon sing numpak becake isih ana ing njero kamar nomer telu panggone wong jejogetan. Wong loro sing digoleki isih lungguh ing kursi lipat elephant. Sirahe diselehake ing ndhuwur meja. Ana botol bir papat kothong ing pinggire.
’’Kae wonge. Ijek ngethungkruk nok dhingklik kawit teka kene,’’ unine Likah.
’’Slamet mbak wonge ijek nok kene,’’ semaute Jakiman.
’’Slamet piye?! Kawit maeng ngethungkruk ora ndang kelon mlebu kamar. Ngene ki aku rugi ora entuk sewan kamar. Wong-wong liyane wis akeh sing adus kramas terus muleh,’’ sambunge Likah.
Jakiman banjur marani sing digoleki. ’’Amit sewu Pak, kula ngeterke dhompet,’’ unine Jakiman, ngulungake dhompet karo mbungkukake awake.
’’Ee…! Kowe sing nemu dhompetku,’’ semaute wong lanang gedhe dhuwur sing nduwe dhompet.
’’Nggih. Tapi pun ngantos kula dibedhil Pak.’’
’’Nek dhompet iki ora mbok balekke, yo tak bedhil tenan kowe!’’
’’Saestu nyuwun ngapunten, Pak,’’ unine Jakiman. Sing dijaluki sepura ora ngrewes.
’’Isine isih utuh po ora? Takukum kowe nek isine dhompet ana sing ilang.’’
’’Taksih utuh Pak. Kula ajrih nalika nemu dhompet niku,’’ unine Jakiman karo ngulungake dhompet.
Yadam, pulisi saka Polda Metro seneng sawise dhompete dibalekake Jakiman. Jalaran isine dhompet sing kecer iku surat perintah tugas, surat perintah penangkapan lan surat perintah penahanan. Dene gambare wong lanang loro lan wong wadon siji ing foto 3R iku sejatine sindhikat dol-tinuku perawan, jenenge Bambang Krisnadi, Joko Umbaran lan Endang Sulastri.
Sawise surat-surat penting sing kudu digawa kanggo nyekel sindhikat wis ketemu, Yadam lan kancane polwan, Watipah, mbacutake maneh anggone nggudhak buronane.
Dheweke banjur nggoleki Likah, germa sing duwe omah palanyahan Melati. Ditakoni apa weruh wong lanang loro lan wong wadon sing arep dicekel.
’’Iki fotone.’’
’’Mboten ngertos Pak. Tiyang gendhakan teng mriki kathah.’’
’’Kowe ora usah nutupi nek pancen weruh wong iki. Taktahan sisan nek kowe nglindhungi penjahat.’’
Sawise diincim, Likah akire kandha yen wong lanang loro lan wong wadon siji iku nyewa kamar nomer 19 wiwit telung dina kepungkur.
’’Terose ajeng mantuk mbenjing,’’ kandhane Likah.
’’Kamar siji dienggoni turu wong telu?’’
’’Nggih!’’
Sawise dikandhani, Yadam lan Watipah banjur mlaku nuju kamar nomer 19. Lawange tutupan rapet. Yadam lan Watipah njabut pistul saka njero klambine, sateruse ndhobrak lawang. Apes! Wong telu sing digoleki wis ora ana.
Yadam clilang-clileng, nggoleki barange wong telu menawa ana sing keri. Misuh-misuh jalaran mung nemu kondhom saadhah lan obat kuat ing ngisore taplak meja.
’’Keparat!’’ unine Yadam, banter.
Watipah mlebu toilet. Ora nemu apa-apa. Banjur mbukak lemari sing ngadeg ing pinggir dipan, dheweke mung weruh ana tulisan I LOVE YOU Endangku.
’’Busyet!’’ Watipah nggetuni anggone telat nggudhak burone.
********
Yadam lan Watipah diwenehi wektu rongminggu dening atasane kanggo nyekel sindhikat dol-tinuku perawan. Sindhikat iki golek kurban nganggo cara nyedhaki prawan lan menehi janji pegaweyan kanthi bayaran gedhene Rp 20 yuta sesasi. Prawan sing gelem diajak, akire didol marang wong-wong sugih sing senengane ngumbar nepsune.
Manut cathetan ing kapulisen, Bambang, Joko lan Endang disujanani nate merjaya prawan papat saka Indramayu sing nolak didol. Layone prawan papat banjur dijegurna kali. Kedadeyan iku kelakon limang taun kepungkur.
Polisi akire tandang gawe kanthi temenan niyat ngringkus sindikat iki sawise ana mahasiswi aran Fransiska diculik nalika mulih kuliah. Fransiska iku anake sawenehing perwira tinggi pulisi. Bocahe lencir kuning ayu, isih perawan.
Yohana Lianawati, ibuke Fransiska liwung pikire nganti kaya wong edan jalaran anake sing paling disenengi diculik sindikat. Yohana banjur mrentah bojone supaya ngerahake anak buah kanggo ngringkus pawongan sing nyulik anake.
’’Sampeyan pecat wae pak yen ana anak buah sing ora pecus nyekel pelakune. Anake dhewe uga kudu slamet nalika ketemu,’’ penjaluke Yohana marang Prihantoro, sisihane. Jalaran didheseg bojone, Prihantoro banjur cancut taliwanda mbrasta sindhikat dol-tinuku bocah prawan.
Jalaran nampa tugas abot saka atasane iku, Yadam lan Watipah ora bakal bali mulih utawa bali ngantor sakdurunge kasil ngringkus pawongan sing digoleki. Dheweke niyat nyanggong Endang, Bambang lan Joko nganti seminggu ing palanyahan Kalisari.
Yadam lan Watipah akire kasil ngringkus Endang sakbalane ing hotel Paradis sawise diwenehi kabar sawenehing tukang ojek ing Kalisari. Bambang sikile dibedhil Yadam merga niyat mlayu. Joko Umbaran uga dibedhil sikile merga niyat nglawan nalika arep dicekel Yadam. Dene Endang kasil dicekel Watipah sawise dikepruk kursi. ***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar