Dening Kang Zen Samin
GURIT MBANGUN SEKOLAH?
Guru-guru nganggo sragam biru
Mbudidaya urip mbrewu
Ora ngerti perkara saru
Wali murid dikongkon urun
atusan ewu
Dhuwit wis nglumpuk
guru sragam biru padha ngguyu
Ngguyu bungah
Alesan dhuwit kanggo mbangun sekolah
Jebul sabageyan dienggo butuhan mbangun omah
Kanyatan iki gawe wali murid susah
Najan ora wani polah
Ujare kandha sekolah saiki gratis
Olehe njaluk urunan malah kaya wong ngemis
------------------------------------------------
KARTINI
Kartini
Wong wadon iku cagake nagari
Bentenge budi pekerti
-------------------------------------------------
NGGACOR
Penduduk bento
Pejabate mbento
Penduduk dikongkon takok
saben dina Jum’at
Dijawab ngawur
Sing teka dikongkon keplok
Sing ora puas kudu mbengok
------------------------------------------------
BLOK CEU
Sawah lan tegal wis payu
Sing ora duwe udhu
Ora bisa urip mubru
------------------------------------------------
MALING
Maling mbengok polisi
Blok Cepu sing dienggo ngapusi
------------------------------------------------
Katiti ing kutha Bojonegoro
tgl 23 April 2013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar