Selasa, 30 Oktober 2012


Atur Pangiring
Buku Rampadan Crita Cekak UNTU EMAS
Dr. George Quinn
 
Dadi pengarang, apa dene wartawan, saya-saya yen dadi wong mlarat, kahananmu mesthi rawan, mesthi ringkih, mesthi gampang digaruk karo wong gedhe. Kurang-luwih mangkono kekandhutaning cerkak-cerkak ’’Untu Emas’’ karangane Kang Zen Samin iki.

Nanging cerkak iki ora mung kandheg tekan motif iki. Werna-werna sing bisa nyrobot kawigatene sing maca lan ngangseg pamikire. Lumantar cerkak-cerkak iki sing maca tetepungan karo donyane kutha-kutha cilik lan jagad-padesan ing pasisir lor pulo Jawa, mligine tlatah ing sakiwa-tengene Bojonegoro. Sing dadi dhedhasaring cerkak-cerkak iki kasunyatan sadina-dina, nanging kasunyatan sing awor karo fantasi lan donyane gugon-tuhon.
Kang Zen Samin ngugemi jiwa wartawan. Kabeh sing dideleng dicathet kanthi njlimet.
’’Ana wong papat digiring pulisi merga ketangkep main kopik. Ana copet dikecrek tangane, digiring pulisi loro arep dilebokake kamar tahanan. Let sedhela, ana wong sikile diperban. Mlaku cincuk-cincuk digiring pulisi reserse nganggo klambi preman. Wong iku pelaku curanmor sing ditembak pulisi merga mlayu sakwise konangan nyolong sepeda motor lan wani nglawan pulisi nalika arep dicekel. Sesawangan kang gawe ngerese pikiranku.’’
Nanging sing dideleng dudu wadhage kasunyatan thok. Omah joglo dudu omah salumrahe, mangkono uga tanggul, dhompet, warung lan isih akeh maneh. Ing suwalike bleger nyata sing kaweruhan sadina-dina ana kasunyatan liya sing kadhang-kala katon kumlebat. Kasunyatan iki sok peteng utawa nggegirisi, nanging luwih bener tinimbang sing ketara ing lumahing urip sadina-dina. Ing suwalike omongane bupati sing seneng mbanyol utawa sesorah dakik-dakik kebak wibawa, ana manungsa cilik sing ndremimil lan ndhredheg, wedi marang rakyat sing dadi reh-rehane.
’’Diprentah bupati, ajudan muni siap. Nanging dheweke bingung merga ora ana wong dhemo. Ajudan! kowe aja bengong. Cepet celuk kepala Satpol, nek perlu karo Dalmas Polres kanggo ngusir wong sing padha dhemo. Iki sing mimpin dhemo wis ngincim. Arep nggepuki aku yen aku ora bisa nuruti kekarepane,’’ unine Harjowioto kanthi swara banter. Mripate pendiringan ngawasi kiwa tengene kamar.’’
Cerkak-cerkak iki ora mili sareh utawa tentrem. Ana enggok-enggokan, ana grojogan sing njedhul dumadakan, ana wadhas sing ora ngetarani, nanging ana uga kedhung eyub sing kebak humor alus. Sesawangan ing sajerone cerkak-cerkak iki maneka warna temenan.
Aku ngaturake pangayubagya, dene kanthi mbabaring rampadan iki sastra Jawa katambahan karya anyar siji maneh sing pantes pikantuk kawigatene para sutresna sastra Jawa dalah sastra Indonesia. Sugeng maos!
                                                                       
Katiti tanggal 6 Agustus 2012

Dr. George Quinn
Australian National University, Canberra

Tidak ada komentar:

Posting Komentar