Cerkak ----------------
Dening : Kang Zen Samin
Rajapati
Sesasi muput aku lembur nggawe crita cekak. Rina-wengi prasasat ora nate turu, perlu ngoyak imajinasi banjur dakketik ing komputer dadi crita fiksi. Rasa ngantuk lan kesele awak ora nate takrasakake merga nggudhak wektu sing ditemtokake penerbit buku. Aku lagi leren ngetik yen wetengku banget krasa luwe, banjur mangan. Utawa leren ngetik nalika kebelet teturas lan kebelet bebuwang.
Sisihanku kerep ngongkon aku ngaso turu nanging ora takgatekake. Kanggoku, turu sakglayaran lungguh kursi ing ngarep komputer wis cukup. ’’Aja nggremeng wae ta, Mak. Mengko entuk dhuwit yen bukune wis terbit. Kena kanggo ragad sekolahe anak,’’ uniku saben sisihanku ngandhani aku supaya leren ngaso.
Rasa matur nuwun takaturake marang Gusti dene aku bisa ngrampungake crita cekak cacahe wolu ing njerone wektu sesasi. Sakdurunge naskah takkirim menyang penerbit, luwih dhisik taktintingi menawa ana ukara utawa abjad sing kleru. Sakbanjure, saben crita cekak sakjudhul takprin rangkep loro. Sing siji takkirim menyang penerbit, sijine maneh taksimpen kanggo arsip.
Ngeprin wis rampung. Naskah crita cekak banjur takstaples saben sakjudhul. Talebokake stopmap banjur takwadhahi tas gedhe ireng. Aku ngadeg saka dhinglik, ngongkek bangkekan sakwise nglebokake naskah ing njero tas. Banjur niliki sisihanku sing turu ing njero kamar. Takdeleng sisihanku dikancani anake jejer telu. Rasa seneng dene aku bisa nyawang anak lan bojo bisa turu angler.
Aku banjur metu saka njero omah. Tuku udut ing warunge Sarinah cedhak gerdhu Poskamling. Perlune mung tuku udut karo ngisis golek angin, mula aku banjur mulih sawise dilungi udut karo Sarinah. Rokok takempak siji karo mlaku.
Leren ngempak rokok telung sedhotan ing ngisor teras. Ngawasi kiwa-tengen omah. Sepi. Aku banjur mbukak lawang arep mapan turu yen rokok sakglintir wis entek takempak. Dumadakan ana pawongan loro mlayu saklebatan nyedhaki aku.
Glodhak!
Suwarane kayu jati sing dienggo nggepuk aku nyampluk lawang merga takendhani. Pawongan loro raine ditutupi sarung ngetokake suwara ngincim keslametanku yen ana crita sing takgawe isine nyindir polah alane pejabat. Karepku ndang gage mlayu mlebu omah banjur ngancing lawang. Nanging salah sijine pawongan iku nyabet guluku nganggo pedhang kanthi cepet.
Crakkk!
Awakku rubuh saknalika ing lawangan omah. Guluku meh pedhot. Sirahku wis mesthi ucul saka awak lamun ora ana daging 5 sentimeter sing isih nempel ing antarane gulu lan awak. Pawongan loro banjur mlayu mlebu kamar sing takenggoni ngetik crita cekak. Ora suwe. Banjur mlayu metu nembus grumbul peteng wetane omah.
Fatimah, bojoku serta anakku, tangi ndadak merga krungu suwara glodhak banter. Metu saka njero kamar, weruh getih abang seger mlabar ing jogan lan lawangan omah. Saknalika bojoku mbengok njaluk tulung tangga kiwa-tengen. Anakku telu nangis ngguguk weruh jasade bapake ngglethak ing pinggir lawang.
’’Bapak-bapak!’’ bengoke anakku mbarep, tangane loro karo nyekel tanganku sing gimbal getih.
’’Bapak…! Bapak kenek apa, mas?!’’ anakku sing cilik takon kangmase karo nangis piyer. Sisihanku nggapyuk dhadhaku karo nangis ngguguk.
Tangga-tangga padha tangi sawise krungu bengoke anak lan bojonku. Banjur mara gemruduk ing omahku. Suroso, tangga ngarep omah sing wiwitan nulungi, njupuk klasa kanggo nutupi layonku sing jibrat getih. Dheweke uga ngongkon tangga liyane supaya ngajak ngalih sisihanku lan anakku saka papan panggonku diperjaya.
Suroso banjur nelpon pulisi. Watara 15 menit pulisi teka omah panggonku diperjaya dening pawongan sing durung diweruhi jeneng lan omahe. Sawenehing pulisi mrentahake supaya wong sing kemluwet ing njero omah padha metu. Pulisi liyane ngubengi omah, masang garis kuning saka plastik. Ana uga pulisi sing mlebu metu kamar golek bukti-bukti anane rajapati.
Saka prentahe pulisi, layonku banjur ditumpakake ambulan, digawa menyang rumah sakit. Perlune diotopsi dhisik sakdurunge dikubur.
Sawenehing pulisi mlebu kamar sing takenggoni ngetik naskah crita cekak. Ngawasi buku-buku serta majalah lan koran morat-marit ing tegel. Layar komputer ing ndhuwur meja pecah kaya dithuthuk palu. Hardisk ing cpu ilang. Ana tas ireng bukakan ing ngisor meja komputer, dijupuk banjur digawa metu.
Sisihanku ditakoni pulisi ing omahe yungdhe Lamirah, kulone omah.
’’Apa sasuwene iki bapake nate duwe musuh?’’ pitakone pulisi.
’’Bapake mboten nate gadhah musoh. Malah kancane sing kathah.’’
’’Mungkin wae, bu, bapake nduwe musuh nanging sampeyan ora weruh. Bisa wae ana kancane yen ketemu katon apik, grapyak, nanging wong iku sejatine musuhe bapake.’’
’’Sing ngoten niku kula mboten sumerap, pak!’’
Pulisi mbacutake takon ana sing ilang apa ora barang ing njero omah. ’’Mbarengi kedadeyan iki, apa ana barangmu apa barange bojomu sing ilang?’’
’’Dereng sumerap kula.’’
’’Tas ireng iki sing duwe sapa?’’
’’Halah pak! Sampeyan tangklete kok rena-rena. Bojo kula pejah nika lo dospundi nasibe,’’ celathune sisihanku karo nangis. Luh sing mbrebes mili saka mripate diusapi bola-bali nganggo tangan tengene. Dheweke ngadeg saknyet saka dhingklik sing dilungguhi jalaran klambi kebayake dibateki anake sing ruju.
’’Mak…! Mak…! Bapak nok endi?’’ unine Farida, anake sing ruju bingung nakokake bapake. ’’Cup, cup! Menenga ndhuk! Bapakmu lunga,’’ unine sisihanku ngendheg tangise anake. Karepe sisihanku pingin ngalih supaya ora ditakoni pulisi nanging ora diidini.
’’Pitakone pak pulisi durung rampung. Aja ngalih dhisik,’’ unine Jarwo, pulisi sing nakoni sisihanku.
’’Kula pun mboten kiat ngempet, pak.’’
’’Pitakonku siji jawaben dhisik, mengko lagi entuk ngalih ngopeni anakmu. Tas ireng iki nggone sapa?’’ Jarwo ndheseg sisihanku.
’’Tas niku gadhahane bapake. Enten napa?!’’
’’Sampeyan bisa crita bab tas iki?’’
’’Njenengan tangkleti piyambak tas niku. Kenging napa?!’’ celathune sisihanku.
Pulisi banjur ngandhani sisihanku yen ing njerone tas ireng ana isine naskah crita cekak cacahe pitu. Sisihanku kaget krungu katrangane pulisi. Jalaran dheweke nate takkandhani yen ing pungkasane sasi iki aku kudu ngrampungake crita cekak cacahe wolu.
’’Crita cekak cacahe wolu Pak. Mboten pitu. Niku wonten ingkang ical setunggal,’’ andhare sisihanku.
’’Kowe weruh critane bojomu sing ilang?’’ pitakone pulisi.
’’Semerap! Wong kula niki bojone!’’
’’Crita apa sing ilang?’’
’’Crita cekak judhule untu emas,’’ semaute sisihanku sawise ndeleng judhul-judhul crita sing isih keri ing njero tas.
Sakwise nampa katrangan sing dibutuhake, pulisi banjur mungkasi pitakone marang sisihanku. ’’Awakmu kudu sabar. Pulisi sing bakal nggoleki pawongan sing merjaya bojomu lan crita untu emas sing ilang,’’ unine Jarwo marang sisihanku.
Sisihanku banjur mlebu omah. Ngumpul dadi siji karo anake dikancani tangga cedhak omah. Nunggu tekane layonku saka rumah sakit sawise diotopsi.
Kanca-kanca pengarang, seniman, wartawan sarta pejabat padha teka nglayat sawise nampa kabar yen aku mati diperjaya. Tangga kiwa-tengen omah iwut ngrewangi gawe persiyapan kanggo mbudhalake layonku ing kuburan.
Jam 10 awan layonku dikubur. Lakune layonku wiwit metu saka omah nganti mlebu landhakan kuburan ditutake angin lan hawa adhem kepenak krasa ing awak. ’’Mugi-mugi almarhum angsal maghfiroh saha sedaya amal kesaenanipun dipun tampi dening Gusti Kang Maha Wikan,’’ pratelane kyai Muntasyir Ahmad sing nalqinake layonku.
Sisihanku isih nangis ing omah sawise melu ngetutake layonku dikubur. Kelingan enggone mbangun balewisma lawase 16 taun ngati duwe anak telu. Rasa sedhih ing njero atine diempet. Dheweke ngajak anak-anake ndedonga nyuwun marang Gusti supaya tetep diparingi ati kang sabar. Uga njaluk marang Gusti supaya pawongan sing merjaya bojone enggal bisa dicekel pulisi, serta nyuwun supaya crita cekak sing ilang bisa ditemokake maneh.
’’Le! Kowe kudu sabar senajan bapakmu wis bali ing ngarsane Gusti. Sinau sing mempeng supaya bisa nemu kabegjan ing dina mburi.’’
’’Iya, mak,’’ semaute anakku mbarep.
Saminggu sawise layonku dikubur, ana pegawe kantor pos ngeterake layang ing omahku. Sisihanku sing nampani. Amplop werna putih sing diulungake pagawe pos banjur dibukak ing ngarepe anake sing mbarep.
Kaget. Jalaran isine amplop sawise dibukak wujud fotokopi crita cekak sing ilang. Hurup-hurupe pating jalret ireng rada angel diwaca. Sisihanku banjur mrentah anake mbarep supaya ngetik maneh crita cekak untu emas.
Untu Emas
Pendhudhuk ing Desa Sumbermulyo diwartaake sawenehing kalawarti padha nganggo untu emas. Wis dadi adat ing desa iki masang untu emas saben bubar panen pari utawa panen mbako. Nganggo untu emas dipercaya wong desa Sumbermulyo bisa nekakake kabegjan lan kamulyan. Kejaba iku, nganggo untu emas dipercaya bisa ndadekake samubarang pakaryan becik bisa mlaku kanthi lancar kaya sing dikarepake. Saumpama nandur pari, parine ora gampang dipangan ama sahingga bisa panen matikel-tikel. Lamun dienggo dagang ing pasar, dagangane bisa laris.
Wong ing kutha-kutha gedhe, padha gumun dene ing jaman modern kaya saiki isih ana wong ndesa padha nganggo untuk emas. Mula banjur akeh sing padha teka ing Desa Sumbermulyo perlu ngecek bener lan orane pawarta kasebut.
Ana rombongan pejabat saka Jakarta numpak bis teka ing Desa Sumbermulyo. Rombongan pejabat dipimpin Danu Sudibyo methuki Hardjo Wage, lurah sing mimpin Desa Sumbermulyo. Danu Sudibyo njaluk supaya dheweke sakrombongan diterake mubeng desa jalaran kepingin weruh dhewe wong nganggo untu emas sarta omongan gayeng karo pendhudhuk kono.
Tekan protelon cedhak gerdhu, Danu Sudibyo njaluk mudhun jalaran weruh wong papat ngguyu katon untu emase. ’’Wah! Apik tenan. Pemandhangan alame yo endah. Cocog lamun desa iki digawe desa wisata,’’ unine Danu.
Sakwise mudhun saka bis, Danu takon marang Wahyuningsih, salah sijining pawongan sing nganggo untu emas.
’’Emas sing mbokenggo kuwi asli tenan apa ora?’’
’’Nggih asli ta pak. Lha ngge napa emas palsu dipasang teng waja,’’ jawabe Wahyuningsih karo mesem ngujiwat, katon dhekik pipine. Wahyuningsih wong wadon paling ayu ing desa Sumbermulyo. Pawakane dhuwur, kulite kuning mrusuh njalari pantes yen disawang saka cedhak lan saka kadohan
’’Emas pirang karat ngono kuwi?’’
’’Emas ingkang sekawan likur karat,’’ sambunge Wahyuningsih karo nata rambute sing katiyup angin nutupi raine.
’’Tiyang mriki sami isin pak menawi ngangge untu emas bahane mboten saking emas murni,’’ semaute Marlan, bojone Wahyuningsih.
’’Wong kutha saiki wis ora ana sing nganggo untu ngono kuwi jalaran dianggep ngganggu saben dienggo omongan. Untu emase wong kutha padha didol, dhuwite dienggo tuku kabutuhan omah,’’ kandhane Danu marang Marlan.
Sakwise nakoni wong papat, Danu sakrombongan mbacutake lakune mubeng desa. Ing bale karang taruna, rombongan pejabat mandheg maneh jalaran ana nom-noman umure watara pitulasan taun uga padha nganggo untu emas.
’’Pak lurah,’’ Danu ngundang Hardjo Wage.
’’Dalem bapak,’’ semaute lurah Sumbermulyo karo mbungkukake awake.
’’Pendhudhuk kene nganggo untu emas mulai umur pira?’’
’’Milai aqil balig Pak.’’
’’O…! ngono.’’
Sawenehing pejabat ana sing nrambul takon marang Lurah Hardjo Wage. ’’Pernah ada atau tidak orang yang pakai gigi emas dirampok kemudian diambil gigi emasnya,’’ pitakone Sugiyanto anak buahe Danu. Dijawab dening Lurah Hardjo Wage yen ing Desa Sumbermulyo ora nate ana maling, wong apus-apus utawa rampog.
’’Desa mriki aman, Pak. Masyarakatipun guyub. Mboten wonten tiyang ingkang wantun tumindak culika jalaran ngangge untu emas wonten wewaleripun.,’’ Hardjo Wage njlentrehake kahanan ing desane.
’’Saya khawatir pak lurah jika dikemudian hari ada perampok yang masuk desa sini. Kemudian merampok gigi emas dan mencederai korbannya,’’ sambunge Sugiyanto.
’’Raose kok mboten bakal wonten kedadosan ngaten punika,’’ semaute Lurah Hardjo.
’’Jangan begitu pak lurah. Semua peristiwa bisa terjadi.’’
Sawise Sugiyanto ngerti yen wong nganggo untu emas iku wong lugu, dheweke banjur nyedhaki Danu Sudibyo. Kandha yen dheweke kepingin ngajak bocah enom saka Desa Sumbermulyo, telu utawa lima cacahe, diajak menyang Jakarta banjur diangkat dadi pegawe negeri.
’’Jika anak-anak dari desa Sumbermulyo diangkat jadi pegawai negeri pasti tidak akan ada yang berani membantah jika diperintah atasan,’’ andhare Sugiyanto marang Danu.
’’Sapa sing nanggung bocah-bocah iku?’’ pitakone Danu.
’’Loh? Bapak kan pimpinan di kantor. Tentu bisa mengusahakan.’’
Penjaluke Sugiyanto dituruti dening Danu Sudibyo. Mula sakwise mubeng desa, dheweke banjur ngajak rembugan Lurah Hardjo Wage.
’’Pak lurah. Aku njaluk bocah lima saka desa kene. Arep takgawa menyang Jakarta, arep takangkat dadi pegawe negeri,’’ andhare Danu.
’’Matur nuwun, pak Danu, menawi wonten kawigatosan makaten saking inggil. Saged kangge ngurangi pengangguran ing desa mriki.’’
’’Mengko bocah sing takgawa wiwitane dadi staf dhisik ing kantor. Suwene-suwe mengko bisa mundhak pangkate.’’ Danu mbacutake rembuge.
Lurah Hardjo Wage kandha, wong tuwane bocah sing arep didadekake pegawe negeri mesthi seneng jalaran golek pegaweyan ing ndesa saiki angel. Uga jalaran saiki akeh bocah enom sing wegah kerja nyemplung sawah sawise lulus kuliah.
’’Badhe diajak teng Jakarta mbenjang menapa lare-lare menika?’’
’’Kalau bisa, ya, berangkat bersama rombongan ini,’’ semaute Sugiyanto.
Lurah Hardjo Wage banjur ngundang bocah lima lan wong tuwane bocah iku ing bale desa. Bocah lima dikandhani bakal nampa kanugrahan dadi pegawe negeri yen gelem diajak menyang Jakarta dening rombongan pejabat sing dipimpin Danu Sudibyo.
Bocah lima kandha gelem lan seneng nampa yen didadekake pegawe negeri. Wong tuwane uga ngidini. ’’Aku sing bakal ngopeni anake sampeyan kabeh ing Jakarta. Dadi sampeyan gak usah kuwatir,’’ unine Danu marang wong tuwane bocah lima.
’’Yen wonten rembage ngoten kula remen lan percaya. Nggih mangga mang beta teng Jakarta yoga kula,’’ semambunge Karjani sing anake uga diundang ing balai desa.
Danu sakrombongan banjur pamitan mulih. Lakune bis rombongan pejabat ditutake Lurah Hardjo Wage sakpamonge nganti tekan njabane gapura bale desa. Wong tuwane bocah lima katon seneng.
Sakwise tekan Jakarta, bocah lima ditampung ing omahe Danu Sudibyo. Banjur dikandhani yen sesuk wis bisa mlebu kantor. Klambi sragam pegawe kanggo bocah lima wis dicepaki.
’’Kowe kabeh aja sembrana urip ing Jakarta jalaran ing Jakarta kene panggone wong akeh sing beda-beda watak-watege,’’ unine Danu. Sing dikandhani manthuk-manthuk.
Danu uga ngandhani bocah lima yen dadi pegawe negeri mono ana aturan sing wajib diugemi. Salah sijine aturane yaiku, sasuwene mergawe bocah lima wajib nyoplok untu emas banjur disimpen ing lemari wesi sing wis dicepaki kantor.
’’Untu emas iku bisa mbokenggo maneh yen kowe kabeh wis pensiun,’’ andhare Danu.
’’Menawi kula mantuk teng ndesa wekdal riyadin napa angsal ngangge untu emas menika,’’ pitakone Kuncara, salahsijining bocah lima.
’’Untu emas ora entuk mbok enggo sakdurunge pensiun. Yen kowe mulih menyang ndesa wektu riyaya, nganggoa untu emas palsu,’’ jawabe Danu kanthi suwara rada banter.
Bocah lima sing dikandhani meneng anteng. Mripate nyawang prenahe ngadeg Danu Sudibyo. ’’Aturan kantor wajib mbokleksanakna. Yen kowe manut aturan, mbesuk bisa sugih ngungkuli bapakmu. Dhuwit bayaran lan ceperan olehmu nyambutgawe ora mung bisa mbokenggo tuku pit motor nanging uga bisa kena kanggo tuku mobil mewah lan omah mewah,’’ semambunge Danu. ****
Jam 3 sore, sisihanku nganguk anake mbarep ing njero kamar isih lungguh ngetik ing ngarep komputer.
’’Le. Yen wis rampung ngetike, mengko crita cekak iku bendel dadi siji karo crita sing isih ana. Terus kirim nyang penerbit buku,’’ prentahe sisihanku marang anake mbarep.
’’Iya, mak,’’ semaute anakku. ***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar