Sabtu, 28 Juli 2012

Segarapatra


Cerkak ------
Dening: Kang Zen Samin
Segarapatra

Tanah Jawa wiwit biyen kawentar angker. Alase gung liwang-liwung dadi papan padhelikane dhedhemit, begejil, gendruwo, banas pati lan sapanunggalane. Kena diarani yen ana jalma mara bakal mati, sato mara uga bakal mati diuntal begejil.
Senajan mengkono, pulo Jawa nduweni kaluwihan yen ditandhingake karo pulo liyane. Ing pulo iki ana sakabehing wit-witan serta isen-isene bumi sing migunani kanggo manungsa. Lemahe subur kaembaake ana kayu dibuwang bisa thukul, metu wohe kena dipangan manungsa utawa kewan. Mula, ora gumun wiwit 365 windu kepungkur akeh manungsa saka saindhenging jagad kepingin manggon ing tanah Jawa.
Wong sing teka ing pulo Jawa, yen mung sangu bandha kendel, bakal digelut begejil  utawa dienggo sasrahan ratune buta pulo Jawa, aran Gawon Adiyaksa. Wong sing bisa slamet ora dipangan begejil ora ana liya kejaba wong sing isih nggembol ngelmu kadegdayan, seneng tapa brata lan waskitha marang kahanan.
Wis ana atusan ewu wong, utamane nom-noman, dipateni begejil. Ana sing dienggo tumbal minangka tetenger yen wani nglawan kekarepane ratune buto.
Murid kinasihe Resi Djagat Guna Darmo cacahe satus, dienggo tumbal jalaran ngonangi kasektene Gawon Adiyaksa saanak putune nalika padha mangan dluwang lawuh bumbu semen, mangan lemah, mangan tembaga lan emas. Sawise mangan banjur ngombe lenga gas lan bensin.
Eksan Tobil, juragan lenga saka negara sabrang lor, kepencut marang sakehing critane tanah Jawa. Dheweke banjur budhal menyang tanah Jawa. Eksan Tobil kagolong wong degdaya jalaran rampung tirakatan windunawa, uga karana sugih bandha-bandhu lan ngelmu sing kena dienggo mungkasi reribet sing bakal dadi pepalange laku.
Tekane Eksan Tobil ing tanah Jawa kepingin nuku taman Segarapatra  ing tlatah Rajekwinangun. Taman kasebut kebak kaendhahan. Sapa sing bisa nduweni taman Segarapatra, bakal nemu kabegjan lan kamulyan. Yen buto ratune pulo Jawa ora bisa nampa  tekane Eksan Tobil wis mesthi bakal ana perang rame.      
’’Good. Good!! Endah banget sesawangan tanah Jawa kene. Aman ora ana pepalang apa-apa,’’ Eksan Tobil ngomong ing ngarepe bala-balane karo ngguyu ngakak.
Eksan Tobil weruh yen  tanah Jawa kahanane wis tentrem ora ana prahara, jalaran ratune buta wis lengser keprabon sawise kursi palungguhane dirajah dening Resi Djagat Guna Darmo. Gawon Adiyaksa dipungkasi olehe tumindak sawenang-wenang jalaran bisa mbebayani lakune kawula  mudha sing kepingin gawe makmure pulo Jawa.
’’Kowe ora perlu kuwatir. Anake Gawon Adiyaksa, Pangeran Haryo Hutomo mengko takpethukane, takajak rembugan bab taman Segarapatra ing alas Banyuurip. Yen Segarapatra ora entuk dituku, becik Pangeran Haryo dipateni, sabanjure taman Segarapatra ayo dikuwasani,’’ unine Eksan Tobil marang kanca-kancane.
Jonkunadi, kancane Eksan Tobil ngandhani, becik nggoleki ratu Jawa anyar sing nggenteni palungguhane Gawon Adiyaksa. Sing ngono kuwi luwih nggenah jalaran ratu anyar mesthi bisa menehi tetimbangan. Uga kena diajak engkon nyambut gawe andum bathi.
’’Yen ora gelem diajak kongkalikong, ayo digolekna perkara banjur dilengserna saka jabatane,’’ sambunge Jonkardi.
’’Aja nganggo cara kasar. Yen awake dhewe nganggo sakepenake dhewe, mengko bisa ndadekke wong Jawa nesu. Sing baku, ratu Jawa anyar kuwi  bisa ditundhukake,’’  sambunge Jonkunadi. Lamun ratu Jawa wis ditaklukake nanging isih ana sing mbebayani yaiku yen Resi Djagat Guna Darmo ora trima. Rombongane Eksan Tobil bisa  diusir bali menyang negarane.
’’Sing perlu dipikir, piye carane awak dhewe mlebu tanah Jawa kanthi aman sarta mulih nggawa bathi sakakeh-akehe,’’ Eksan Tobil menehi saran kanca-kancane.           
  Eksan Tobil banjur budhal nemoni ratune tanah Jawa. Wong sabrang sakbalane iku kapetung nemu beja jalaran bisa kepethuk langsung ratu Jawa sing anyar, Pangeran Brujul Sudaryono ing kraton Griya Kencana Mahardika..
’’Kanjeng ratu, nyuwun pangapura menawi dugi kula sakkanca mboten mawi kintun kabar rumiyin. Kula suwun kanjeng ratu mboten gerah penggalih,’’ andhare Eksan Tobil marang Brujul Sudaryono.
’’Ora dadi apa. Tekamu bisa taktampa.’’
’’Kula kepingin numbas taman Segarapatra ing wana Banyuurip.’’
’’He! Kowe aja sembarana. Taman Segarapatra ngono duweke krajan tanah Jawa sing dikuwasani Pangeran Haryo anake ratu Gawon Adiyaksa. Dadi ora bakal didol menyang sapa wae. Kaendahan taman Segarapatra kuwi sing duwe wong Jawa. Aku sing bisa gawe abang ijone tanah Jawa. Kowe aja sembrana.’’
’’Taman menika ajeng kula damel taman suka-suka. Menawi sampun kula dandosi, mangke saged ketingal langkung sae. Kejawi punika ajeng dipundhut patranipun.’’ 
’’Aku ora kabotan. Yen aku kasil mbujuk pangeran Haryo supaya Segarapatra kasil mbok tuku, etungane piye?’’
’’Sampun kuwatir. Mangke Panjenengan kula aturi selangkung persen.’’
’’Semono kuwi kanggo aku dhewe lo. Jatah kanggo kraton lan pengawalku mesthine ya kudu ana.’’
’’Nggih! Menawi Segarapatra saged kula tumbas, Panjenengan kula tambahi malih pituwas sanesipun. Nanging kedah ndamel MoU.’’
’’Apa kuwi MoU?’’
’’MoU punika memorandum of understanding utawi serat kerja sama. Panjenengan kedah tapak asta ing serat MoU menika.’’
’’Ya, wong tanda tangan wae. Nanging aku njaluk prajanjian loro. Sing siji, prajanjian khusus sing ora perlu diweruhi wong Jawa, utamane murid-muride Resi Djagat Guna Dramo. Prajanjian sijene, mengko digawe ing ngisore pring apus cedhak taman Segarapatra. Tujuwane supaya kawulaku ora ana sing melik marang  usahamu, sarta bisa nampa nalika takkandhani bakal takmulyaake uripe.’’
Sawise prajanjian diteken dening ratu Brujul Sudaryono, taman Segarapatra banjur banjur dibangun. Dalan-dalan nuju taman sing maune elek, pating jluwak lan blethokan saben mangsa udan, dialuske nganggo aspal hotmix.
Eksan Tobil juragan lenga. Kejaba dheweke ndandani taman Segarapatra, uga nggawe sumur lenga ing tengahe taman kasebut. Akeh pendhudhuk padha mergawe golek pangupajiwa. Saben dina, esuk tumekane wengi, kuli-kuli kasar lan kuli alus nglembur mergawe. Taman Segarapatra katon padhang njingglang yen wengi jalaran diwenehi obor cacahe sewu.
Treg-treg gedhe mlebu-metu ngangkuti pasir, watu lan wesi kanggo mbangun sumur lenga ing tengahe Segarapatra. Eksan Tobil sakbalane sliwar-sliwer numpak mobil mewah mengkilat.
Supir treg saben jam rolas awan padha ngaso. Padha mangan lan ngombe ing warung-warung pinggir dalan. Kanggone pendhuduhuk sing dodolan ing sakiwa-tengene Segarapatra, akehe sopir, kuli lan pegawe ing proyek Segarapatra bisa nambahi pengasilane.
Yu Gaminah, randha omahe pinggir sawah sabendina katon sumringah merga pengasilane tambah sawise dodolan sega pecel ing warung pinggir proyek Segarapatra. Biyen dheweke bakulan godhong jati. Asile saben dina mung Rp 7.500 cukup kena kanggo tuku lombok, uyah lan trasi. Nanging sakwise bukak warung sega pecel, pengasilane Gaminah mundhak,  saben dina entuk Rp 150.000
Rantini prawan tuwa omahe pinggir kali, saiki pinter brai, jalaran saben dina warunge dienggo jujugan mandor-mandor bangunan proyek Segarapatra. Pengasilane Rantini saiki saben dina Rp 200.000. Biyen nalika Rantini isih dadi buruh tandur, pengasilane saben dina mung Rp 15.000.
’’Weh…weh, weh! Sakjoge enek proyek Segarapatra uripe wong kene saiki padha makmur. Biyen mung nganggo sandhangan tapeh jarik parang kere. Saiki klambine wis padha mabyor. Makde Sumber, biyen mung kluntrang-kluntrung saba desa ngadesa. Ning saiki omahe wis kaya gedhong,’’ unine Kartoyo, anak buahe Brujul Sudaryono sing ditugaske mbaureksa tlatah Rajekwinangun nalika ngombe anggur ing warunge Rantini.
Rantini rupane ayu, pakulitane kuning resik. Iku sing njalari warunge dienggo jujugan bos-bos sing melu nggarap proyek Segarapatra nalika padha ngaso. Kartoyo, abdine Pangeran Brujul ajeg njujug warunge Rantini saben ngecek proyek taman Segarapatra. 
’’Tlatah iki bisa reja merga berkah sabda pangendikane ratu Pangeran Sudaryono lan Eksan Tobil juragan lenga. Kudune wong kene padha matur nuwun,’’ kojahe Kartoyo. Wong ing njero warung sing ngrungokake ora ana sing semaur. 
Saknjabane warunge Rantini ana wong telu, Jo Bethik, Min Gloyor lan Jaya Kadut ngrungokake kojahe Kartoyo. Min Gloyor dhehem karo cungar-cungir lambene. Banjur ngomong, ’’Jarene sapa wong kene uripe padha penak. Nek gegere ireng kileng-kileng dipepe anak kuwi sing mesthi. Sebabe saben dina kepanasen merga macul nok sawah. Aku ora kaget enek abdi kraton muni ngono kuwi. Ngakua merhatekna wong cilik nanging sing diopeni wetenge dhewe.’’
’’Kang! aja banter-banter nek ngomong. Nek wonge krungu kowe isa dilapurna nok kapulisen! Kowe isa dikunjara sakwise ditudhuh nggawe pitenah,’’ unine Jo Bethik nyaruwe Min Gloyor.
’’Kuwi ora pitenah nanging kasunyatan. Sing diperhatekna wong ndhuwuran ki ora wong sing rupane kaya dhapuranmu ngono kuwi. Nanging sing diperhatekna mung bojone, anak-anake lan dhemenane sing didhelikna saenggon-enggon. Ngono kuwi jenenge keparat!’’.
’’Sabar, Min. Aja nesu nok kene. Lehmu mikir polahe wong ndhuwuran ki aja kenceng-kenceng. Merga sing ngono kuwi bisa nglalekna kuwajibanmu dhewe. Ndhisik kowe tau ongkrah-ongkrah perkara cikar rong atus sing saben dina ngusungi lenthung saka Segarapatra ning ya ora oleh apa-apa ta,’’ semaute Jaya Kadut.
’’Ora oleh apa-apa ndah, genya leh. Ngene lo, Makde Jaya Kadut, perkara kuwi tetep takinceng terus merga wong cilik sing dirugekna.’’
’’Wis ta, Min. Wong kaya ngono kuwi benke wae, mengko rak ya enek piwalese dhewe. Enek karmane dhewe.’’
’’Karma apa? Nyatane wong sing srakah kae uripe kok tambah penak, isa nduwe bojo loro mobile wolu. Kenek apa wong kaya awake dhewe iki uripe tambah kesrakat?’’
’’Ya merga awak dhewe iki wong tani utun, ora tau sekolah ora nduwe ijasah. Gak isa melok mbaung dhuwit merga dislametna karo Gusti Allah’’. 
Min Gloyor, Jo Bethik lan Jaya Kadut mandheg ndadak olehe padha guneman merga krungu suwarane wong pating jlerit njaluk tulung sarta krungu tabuhan titir kenthongan. Wong telu banjur mlayu nuju Dhusun Joho, panggone swara wong njerit njaluk tulung. Ing kono akeh wong padha kliyengan mutah-mutah, uga ana sing ngglethak lemes tanpa daya.
Weruh prastawa kuwi, Jaya Kadut banjur prentah Jo Bethik lan Min Gloyor supaya golek degan klapa ijo. ’’Cepet jupukna klapa ijo nok kebonan ngguri omah. Wong sing padha mendhem ndang gage diombeni dudohe degan ben ndang padha waras’’.
Parwi, pendhudhuk kono kandha, wong Joho padha kliyengan merga mambu badheg kaya lirang diobong sing asale saka proyek Segarapatra. Nanging omongane Parwi dibantah dening Mingun Cantrik Lodaya pelaksana proyek taman Segarapatra sing melu teka mrono.
’’Ora ana ambu badheg saka Segarapatra sing bisa gawe semapute wong. Sing ambune badheg kuwi jumblenge pendhudhuk kene,’’ andhare Mingun.
’’Nek ngomong sing nggenah Ngun! Lamun ambu badheg kuwi saka jumbleng mesthine  wiwit biyen wong kene kerep kliyengan lan mutah-mutah. Ya sakploke enek proyek taman Segarapatra kuwi ambu badheg lagek muncul,’’ bantahe Parwi. Nanging Mingun tetep ngeyel, nolak yen ambu badheg diarani tekane saka proyek Segarapatra.
’’Genahe ora gelem menehi ragad tamba wong lara jalaran mambu badheg. Ya ta! Gak usah kakehan alasan,’’ unine Parwi, swarane banter.
 Rewange Mingun cacah lima, nganggo sragam biru, gemruduk mara nyedhaki Parwi. Matane padha mendelik njalari Parwi rada ogel kewedhen.
Wong Joho liyane mung bisa nggremeng krungu swarane Mingun. Arep protes njaluk dhuwit kanggo tamba ing rumah sakit ora wani merga wedi yen digrudug abdi-abdine Pangeran Brujul lan anak buahe Eksan Tobil sing saben dina sliweran ing kono.
 ’’Ndhisik jarene proyek Segarapatra bisa gawe senenge kawula cilik ing kene. Jebule malah gawe sengsara,’’ grenenge Jo Bethik karo mijeti pundhake wong Joho sing sirahe isih ngelu sawise mambu badheg.
’’Wong kene apa kurang apike? Nalika lemahe wong kene dituku murah kanggo proyek Segarapatra nyatane ya diwenehke. Senajan mung diwenehi tali asih dhuwit limang atus ewu, nyatane kabeh padha eklas. Jare yen proyek Segarapatra wis metu asile, sebagiyan asile kanggo mbantu  pendhudhuk. Ning akire kok kaya ngene. Nggedabrus.’’  Jo Bethik mbacutake omonge 
’’Iya, Jo! Bener kowe. Proyek Segarapatra kuwi nggedabrus. Ora manfangati kanggone wong cilik kaya awak dhewe iki,’’ semaute Min Gloyor.
’’Contone wis jelas. Rega lenga gas nok dhaerahe dhewe saiki mundhak nekek gulu. Biyen sakliter regane mung 500 repes nanging saiki dadi 7500 repes. Ya krana rega lega gas mundhak kuwi saiki anakku sing ora isa tuku jajan,’’ sambunge Jo Bethik.
’’Perkara njajane anakmu ora penting. Sing perlu dipikir kuwi nasibe wong Joho sing padha kliyengan lan ambu badheg kae,’’ bantahe Min Gloyor.
’’Anakku ya penting. Merga anakku minangka pangarep-arepku. Takgadhang mbesok bisa mrantasi yen ana prahara sing luwih gedhe ing taman Segarapatra kene.’’
Sing dikandhani durung ngerti menawa taman Segarapatra bisa nekaake kedadeyan werna-werna. ’’Prahara gedhe sing piye maneh, Jo?’’
’’Mbesok bakal ana perang gedhe yen Eksan Tobil mbekengkeng pingin nguwasani  Segarapatra ing tanah Jawa kene,’’ kandhane Jo Bethik.
Sakwise sangang jam, prahara ing Dhusun Joho bisa lerem. Wong sing  kliyengan lan mutah-mutah wis bali sehat maneh sawise diombeni duduhe degan klapa ijo.
Min Gloyor lan Jaya Kadut thenger-thenger mikir proyek taman Segarapatra sing bisa nuwuhake prahara werna-werna. ***
                  
            
                                                                              Bojonegoro, 18 Februari 2010

Tidak ada komentar:

Posting Komentar