Sabtu, 28 Juli 2012

Paseksen

Cerkak --------------
Dening Kang Zen Samin         
Paseksen

Olehku nyambut gawe dadi wartawan lawase wis selawe  taun. Saben dina akeh prastawa ing kuthaku sing takrungu. Nanging ora saben perkara  bisa takangkat dadi berita lan takkirimake menyang redaksi. Kaya ora krasa, olehku nyambut gawe lawase wis seprapat abad. Kaya mengkono karana aku nyenengi penggaotanku, uga karana saben budhal golek warta ora takniyati nyambut gawe nanging takniyati nglencer. Dadi rasane seneng sabendina. Akeh mitra kerjaku sing menehi julukan marang aku minangka wartawan kawakan, nyamuk pers,  tukang golek perkara, utawa tukang golek warta adol pirungu.

     Esuk mau, nalika aku ngopi ing kantin Pemkab, ana pegawe negeri sing crita yen bayarane min alias kurang saben sasi.  Kanggo biaya anake sing kuliah, dheweke kepeksa nggadhekake SKne pegawe negeri. Bayaran saben sasi, jarene, mung cukup kanggo mangan lan ragad sekolahe anake sing isih SMP lan SMA. Ana uga sing crita pengin pindhah panggone dines nanging ora keturutan jalaran pindhah ing panggon sing teles kudu cucul wragad.
Seje maneh karo kancaku, Lely, dheweke kandha yen pengin pegatan karo bojone merga bojone senengane ngombe minuman keras nganti mendem lan mutah-mutah saben mulih tekan omah. ’’Bojoku yen mulih mergawe ora nate nggawa dhuwit. Entek dienggo mendem karo gendheng wedokan. Iki lo, mas, layak digawe berita,’’ kandhane Lely karo nyawang prenahku lungguh ing pojokan.
’’Perkara kuwi urusan pribadi. Nek taklebokna berita ya kurang cocok. Nek isa bojone sampeyan diajak rembugan, dijaluk supaya penyakite dimareni.’’
’’Wis takrewangi geger padu sabendina. Nganti lambeku meniren nanging ra tau digape. Judeg pikirku. Ngene iki takrasa luwih apik pisahan. Gawe berita ta, mas! Lebokna koran ben isin,’’ unine Lely karo nebleki bahuku. Kulit bathuke njengkerut merga panjaluke ora takturuti.
’’Prahara rumah tangga ngono kuwi klasik. Kasus korupsi sing taktulis dhek wingi kuwi lo sing apik. Muyeg urusane,’’ semautku.
Aku banjur pamit mungkur luwih dhisik saka panggonan kono jalaran ana urusan sing luwih penting sing kudu taktekani. ’’Taktinggal dhisik mbak. Aku entuk panggilan saka Kapolres,’’ sambungku.
Dina iku aku arep dipriksa, dijaluki ketrangan gandheng karo laporane pejabat Pemkab, Ir. Budi Gangsir sing jenenge takwartaake kesangkut kasus korupsi ngundhakake rega komputer. Budi Gangsir nglapurna aku ing kapulisen merga rumangsa jenenge sing maune apik malih rusak sakwise takwartaake ing koran. Beritaku bab korupsine Budi Gangsir diwaca wong akeh banjur dienggo rasan-rasan ing warung, ing pasar utawa tasiun.
Ing kantor pulisi aku lungguh wis ana karotengah jam, ing ngarep ruang reserse nanging durung dikongkon mlebu. Merga pimpinanku, pak Husnun Djurait, sing uga dipanggil durung teka. Ing kono aku nyawang akeh wong mlebu-metu saka ruangan reserse. Ana wong papat digiring pulisi merga ketangkep main kopik. Ana copet dikecrek tangane, digiring pulisi loro arep dilebokake kamar tahanan. Let sedhela, ana wong sikile diperban.  Mlaku cincuk-cincuk digiring pulisi reserse nganggo klambi preman. Wong iku pelaku curanmor sing ditembak pulisi merga mlayu sakwise konangan nyolong sepeda motor lan wani nglawan pulisi nalika arep dicekel. Sesawangan kang gawe ngerese pikiranku.
Jam telu sore Pak Djurait lagi teka. Nganggo klambi wungu lengen dawa lan nyangklong tas ireng. Banjur takajak salaman.
’’Piye kabare! Aku rada telat merga ngrampungke pegaweyan kantor dhisik. Perjalananku ya sempat macet merga ana treg ngguling nok Lamongan,’’ unine pak Djurait.
’’Kabarku apik, Mas. Sehat. Dina iki aku tetep golek berita. Mengko yen rampung dipriksa aku kirim berita terusane berita korupsi sing wis taktulis wingi,’’ semambungku kanthi grapyak. Saben ketemu Pak Djurait, dheweke  cukup takundang Mas jalaran banget apike karo aku, uga gedhe perhatiane marang anak buah.
’’Berita kuwi bener ngono ta?’’
’’Bener, Mas. Aku nduwe saksi saka tim khusus utusane gubernur sing melu mriksa kasus kuwi. Mosok enek komputer siji regane rong atus seket yuta. Wis takcek nok bagian keuangan anggarane tuku komputer ya sakmono.’’
’’Yen beritamu bener, nyata anane, ora apa-apa mbokterusna. Aku utawa manajemen kantor bakal ngrewangi awakmu.’’
Pak Djurait banjur takcritani bab komputer sing regane banget larange kuwi wis disidak karo anggota DPR. Malah anggota DPR cacah lima sing sidak padha ngguyu nalika ndeleng komputer kuwi dikakake. Jalaran sakwise mekan, sing muncul ing layar komputer lan kena dideleng mung gambar macan ngadeg ndhangakake sirahe. Ora ana program-program liyane sing dikandhaake mbutuhake ragad akeh nganti atusan yuta.. Lan ora ana siji-sijia pegawe Pemkab sing bisa mbukak komputer kuwi.
Komputer kuwi nyleneh. Ora masuk akal yen regane nganti Rp 250 yuta. Awit saben dibukak mesthi sing muncul gambar macan. Yen dipateni liwat tombol power banjur dikakake maneh, ora ana proses restart. Sing takrungu, jarene wis disengaja karo sing nggawe. Programe digawe ngono merga tim saka ITS sing ngrakit komputer gela mung diwenehi Rp 10 yuta. Pegawe Pemkab sing kawogan pesen komputer maune wis janji arep menehi Rp 75 yuta, nanging sulaya.
’’O… ngono.’’
’’Ya, Mas, kuwi data sing taktampa.’’
’’Terus bupati jarene ya arep nggugat kowe.’’
’’Ora sida. Merga dikandhani kanca wartawan ora entuk nggugat aku. Yen bupati melu nggugat mesti tambah rame. Masyarakat mesthi demo mbelani aku,’’ kandhaku karo mbukak klipingan koran ngenani kasuse bupati nilep dana bantuan banjir.
Olehku crita taklereni merga aku weruh Kasat Serse, Iptu Pulungan metu saka ruangane. Tangane kumlawe ngudang aku. Takkira arep mrentah aku supaya ndang gage nemoni petugas penyidik. Jebule malah menden-medeni aku kanthi ukara sing ora kepenak.
’’Kowe sesuk taktahan. Aja macem-macem,’’ unine Pulungan kanthi swara banter karo mripate pendelak-pendelik.
’’Aja nunggu sesuk, Pak, nek pengin nahan aku. Saiki uga aku siap. Nanging sampeyan kudu ngerti, nahan aku gedhe resikone.’’ Takuneni ngono Pulungan malih rada alus olehe omongan.
’’Wis. Kowe ndang nemoni Jaeman, pulisi sing taktugaske mriksa kowe. Ruangane nok njero, cedhak sel tahanan. Pimpinan redaksimu ajak mrana,’’ prentahe Pulungan karo nyurung pundhakku. Aku banjur mbalik ngampiri pak Djurait, takajak nemoni Jaeman.
Nalika arep mlebu ruangane Jaeman, aku ndeleng akeh wong ditahan ing njero sel padha ngawasi tekaku. Sirahe wong sing padha ditahan ditemplekake ruji-ruji wesi lawange sel tahanan. Tangane cekelan ruji wesi kaya lemes ora duwe daya. Panggone rada peteng.
Jaeman wis ngenteni tekaku ing njero ruangan. Ruangane ora amba nanging ana rak lemarine isi tumpukan kertas dibungkus map. Mesin ketik merk brother gemlethak ing ndhuwure meja.
’’Silahkan masuk, Pak,’’ prentahe Jaeman sakwise aku mbukak lawang ruangan iku.  Jaeman langsung takajak salaman. Sateruse Jaeman ngajak salaman pimpinanku.
’’Silahkan duduk. Bapak baru datang dari Malang?’’ Pitakone Jaeman marang pimpinanku.
’’Ya. Segera saja dilakukan pemeriksaan biar saya tidak kemalaman saat kembali lagi ke Malang.’’
Durung akeh olehe  Jeman njaluk katranganku, nanging olehe takon dilereni merga ana Kapolres AKBP Nokarto, atasane, teka mlebu ruangan kono. Jaeman mundhuk-mundhuk karo nyumanggaake atasane supaya lungguh dhingklik sing wis cemawis ing njero ruangan kono.
Takkira, Kapolres Nokarto arep nemoni pimpinanku utawa ndeleng lakune pemeriksaanku. Jebule dheweke nesu lan ngundamana aku.
’’Wartawane sampeyan iki kurang ajar, Pak. Masak saya dan anak buah saya ditulis ndak pecus mergawe. Kantorku sini ditulis di koran tidak profesional,’’ unine Kapolres Nokarto karo nuding-nudingake drijine ing ngarep raiku. Swarane banter.
’’Maaf, pak, saya tidak nulis seperti itu,’’ semautku.
’’Kamu jangan mengelak. Saya punya bukti klipingan beritamu.’’
’’Nggak ada, pak, kalimat seperti itu. Saya yang nulis berita. Saya juga masih menyimpan korannya.’’
Pak Djurait menggak aku supaya ora ngladeni omongane Kapolres Nokarto. ’’Aja mboklanggati. Kuwi wong emosi. Percuma, merga jawabanmu ora bakal ditampa nganggo akal sehat.’’ Aku banjur meneng. Sing dikandharake pak Djurait pancen bener.
Kapolres Nokarto nesu jalaran tersinggung karo berita penembakan sing taktulis lan wis dimuat ing koran. Isine berita; Sujiyat, anggota pulisi kono, nembak sawenehing pendhudhuk Dhusun Ngantru aran Samuji. Timah panas sing mlesat saka pistule Sujiyat njalari Samuji sing didakwa nyolong kayu jati, mati saknalika. Wetenge mbrodhol. Mayite gimbal getih ditinggal gumlethak ing pinggir kali tengah alas. Sujiyat babar pisan ora ngramut kurbane nanging dheweke langsung bali menyang kantore. Marang atasane, Sujiyat nggawe laporan yen Samuji kepeksa dibedhil jalaran nglawan nalika arep dicekel.
Ana sing nyalawedi ing kasus iki. Yen Samuji nglawan pulisi mesthine sing katembus pluru   dhisik awake sisih ngarep banjur tembus geger. Kasunyatane gegere Samuji dhisik sing ditembus pluru. Playune pluru bisa dideleng saka awake kurban, ana tatu bolong cilik ing geger tembus bolong amba ing weteng.
Kanggo mbuktekake yen anak buahe ora salah, Kapolres Nokarto ngajak Pak Djurait  ndeleng kayu jati pesagen ukuran dawa 3 meter kandele sepuluh senti pesagi. Kayu kuwi, jarene kapolres, minangka barang bukti yen Samuji bener-bener nyolong kayu ing njero alas.
Sakwise ndeleng barang bukti, Kapolres Nokarto mlebu ruangan dinese. Dene aku lan pimpinanku bali menyang ruangane Jaeman. Nerusake pemeriksaan kanggo BAP pencemaran nama baik. Mlakune pemeriksaan nganti jam sanga bengi. Pemeriksaan dina kuwi wis rampung. Isih ana pemeriksaan maneh sesuke.
Sakwise metu saka ruangane Jaeman, pak Djurait kandha marang aku yen dheweke arep langsung bali menyang Malang. Ora perlu leren merga wis kewengen.
’’Ngene wae. Awakmu kordinasi terus karo kantor. Yen ana perkembangan sing nguwatirake, langsung wae nilpun aku.’’
’’Ya, Mas,’’ olehku nyauri.
Pikiranku ngeso nalika pak Djurait kandha ora bisa leren ing Bojonegoro. Jalaran, wiwit awal aku pengin banget dheweke mampir omahku sakpungkure nekani panggilane pulisi. Nanging ora kaleksanan.
Lamun pak Djurait sida mampir omahku, bakal taktampa kaya adate aku nampa tamu. Wanuh, gupuh lan suguh senajan omahku elek. Omahku warisan saka wong tuwaku, lawange sing ngarep lan lawang mburi tripleke pating sluwir merga ketrajang banjir. Wis rong taun durung bisa ndandani.
Tengah wengi,  takpikir jero polahe Kapolres Nokarto nalika ngujar-ujari aku. Omongane sing krasa atos lan nylekit ora bisa takculke saka pikiranku. Ing njero kamar aku mbukaki data kasus penembakane Samuji lan mawasdhiri. Kasus penembakan sing nglibatke pulisi Sujiyat ora ana sing kliru tulis.
Aku banjur metu saka kamar nuju sumur ngguri omah. Wudhu, sateruse sholat tahajud kanggo ngadhemake pikir. Ing tengah-tengahe sholat, sakwise ngucapake lafal robbighfirli, aku nyuwun marang Gusti supaya diparingi pituduh lan nyuwun bisa nyambutgawe kanthi becik. Uga nyuwun supaya ana bukti nyata kasus penembakan sing gawe patine Samuji.
Telung dina sakbanjure, aku entuk kabar yen kantor pulisi sing dikomandhani AKBP Nokarto mentas kemalingan. Barang sing ilang rupa dhuwit cacahe Rp 279 yuta, digondhol maling. Dhuwit kuwi jatah bayarane pulisi sakkabupaten sing durung dibagi. Maune disimpen ing njero brankas njero ruangan bendahara. Mapane ruang bendahara adhep-adhepan karo ruang intel. Kepiring ngalor sithik karo ruangane Kapolres Nokarto. Sing nggumunake, kunci brankas lan kunci lawang ora rusak, nanging malinge bisa mlebu lan kasil nggondhol dhuwit sakmono akehe.   
Krungu kabar yen kantor pulisi mentas kemalingan, aku ora sranta banjur budhal menyang kantor pulisi kanggo ngecek bener lan orane kabar kasebut. Numpak sepeda motor. Karepku nemoni Kapolres Nokarto kanggo konfirmasi. Beja. Merga aku bisa ketemu. Tekaku ditampa ing ruangane Wakapolres.
’’Ada apa, Pak?’’ unine  Kapolres Nokarto karo nyawang aku sing isih ngadeg ing ngarepe.
Pitakone Kapolres Nokarto takwangsuli nganggo swara banter. ’’Saya hanya akan mengatakan bahwa Tuhan yang maha adil sudah menunjukkan bukti jika Polres tidak profesional’’.
’’Maksud kamu apa?’’
’’Itu buktinya, uang gaji polisi di brankas hilang.’’ Takdeleng mripate Kapolres Nokarto katon abang mbranang 
Dheweke ora nyambung omongan. Suwalike malah aku sing akeh guneman.
’’Itu kamu kerahkan intel seberapapun jumlahnya, kerahkan reserse seberapapun jumlahnya bila perlu minta bantuan Polwil, atau minta bantuan paranormal seberapapun hebatnya, gak bakal bisa menemukan uang yang hilang itu,’’ kojahku. Aku ngomong ngono kuwi kaya ora karepku dhewe nanging merga kaya dituntun bangsa alus.
’’Benar, pak, saya sudah minta bantuan kiai yang bisa melihat dari kaca benggala, ternyata yang mengambil uang hanya tampak dua bayangan hitam. Padahal semua anak buah saya yang pakai topi maupun yang tidak pakai topi wajahnya kelihatan jelas. Jika sampeyan mau membantu saya menemukan pelakunya, sampeyan saya beri uang kontan dua puluh lima juta,’’ unine Nokarto. Swarane lirih. Ora kaya nalika ngujar-ujari aku wektu dipriksa Jaeman.
Aku ora menehi wangsulan senajan arep diwenehi pituwas yen gelem mbantu pulisi. Aku banjur diajak ndeleng ruangan sing mentas dileboni maling. Pangajake takturuti. Aku lan Kapolres Nokarto banjur mlaku ninggalake ruangan Wakapolres. Dheweke mlaku ngetutke ing ngguriku. Sakwise teka ngarep lawang ruwangane bendahara, aku ngadeg anteng, sendhakep madhep ngulon. Ing batin aku ndonga, njaluk marang Gusti supaya yen ana tumindak ala bakal sirna sakwise teka sing bener.
Rampung olehku ndonga, aku banjur pamitan mulih. Dhuwit selawe yuta sing arep diwenehke aku ora taktakokake. Atiku wis seneng merga Gusti kang maha kuwasa wis nduduhake yen kerjane Kapolres Nokarto ora profesional.
Gara-gara kasus dhuwit ilang iku, Kapolres Nokarto banjur mbentuk tim jumlahe pitu kanggo nglacak sapa wonge sing nyolong. Kabeh tamtama, bintara lan perwira sing dines ing Polres kono disujanani. Omahe digledhah dening tim pitu. Plafon-plafon omah didhodhogi nganggo bedhil karo tim pitu, nganti ana sing jebol. Kasur lan lemari diungkrah-ungkrah nganggo bedhil dawa sing ana sangkure. Nanging ora ana sing kabukten nyimpen dhuwit colongan saka brankas Polres. Reserse lan intel disebar ing saben panggonan kanggo golek sisik melik.
Senajan mengkono, wusanane akeh tamtama lan bintara sing dipindhah tugas ing luar pulau. Iku minangka ukuman kanggo pulisi sing dianggep nglirwaake tugas  njaga keamanan. Dhuwit sing ilang nganti seprene durung  ketemu. Kapolres Nokarto uga dimutasi ing dhaerah liya.
Perkara aku dilapurake dening Budi Gangsir merga dianggep nyeblokna jenege, tetep diproses dening pulisi. Sakwise BAP dianggep sampurna, berkas perkarane banjur dilimpahake ing kejaksaan lan diteruske menyang pengadilan.
Majelis hakim sing nyidhang perkaraku jumlahe telu. Wektu sidhang, ana seksi saka Bagian Keuangan Pemkab menehi katrangan marang majelis hakim, mbenerake yen ana anggaran Rp 250 yuta dienggo tuku komputer siji.
’’Leres pak hakim, wonten arta kacathet ing buku anggaran kangge tumbas komputer niku, kathahe kalih atus seket yuta,’’ katrangane bu Martutik marang Pratikno, ketua majelis hakim.
Aku rumangsa seneng karo paseksene bu Martutik. Merga paseksen iku, manut pandugaku, bakal digawe tetimbangan hakim kanggo mbebasake aku saka pandakwane jeksa.
Pandugaku mleset.
Sakwise aku disidang kaping rolas, aku tetep dipidana enem sasi mlebu pakunjaran kanthi percobaan lawase setahun merga dianggep kabukten nglanggar pasal 310 lan pasal 311 KUHP. Maksude, yen aku nulis berita korupsi maneh, senajan sing taktulis wong liya ing njerone taun kuwi, aku bisa langsung dijeblosake ing njero pakunjaran.
Vonis hakim iku gawe sedhihe atiku jalaran ora padha karo kasunyatan sing kawiyak ing persidhangan. Senajan mengkono aku ora banjur wedi marang vonise hakim. Aku tetep nulis berita korupsi utawa pejabat sing nylewengake jabatane. Paukuman sing ditibaake marang aku takanggep wujude kongkalikong antarane pejabat sing kebulet kasus lan hakim sing wenang nemtoake paukuman. ***                                               

Tidak ada komentar:

Posting Komentar