Senin, 19 Desember 2011

Sukur Priyanto Kapilih Dadi Ketua DPC Partai Demokrat

HM. Yasin, M. Fauzan lan Sukur Priyanto, SE (tengen)
Partai Demokrat (PD) Kabupaten Bojonegoro mentas duwe gawe gedhe, yaiku nggelar Musyawarah Cabang (Muscab) kanggo milih sawaijing kader partai kanggo nyekel jabatan ketua DPC (Dewan Pimpinan Cabang) partai ing bumi Angling Dharma iki. Muscab kasebut dileksanaake ing gedhung Tri Dharma Bojonegoro lan diestreni dening Ketua DPD Partai Demokrat Jawa Wetan, H. Soekarwo, Bupati Bojonegoro kang uga Ketua DPW PAN Jawa Wetan, Drs. H. Suyoto, M.Si, Anggota DPR RI saka Partai Demokrat, Ida Ria Simamorang, ketua-ketua partai politik ing Bojonegoro, saha ketua lan sekretaris Dewan Pimpinan Anak Cabang (DPC) saka 27 kecamatan sing ana ing Bojonegoro.
    Ing wiwitane, ana kader loro sing maju ing pilihan ketua, yaiku Muhammad Fauzan lan Sukur Priyanto, SE. Wong loro iki sakdurunge wis padha nggendheli pendukung saka pengurus DPAC. Muhammad Fauzan, contone, maune kandha yen dheweke wis disengkuyung 16 DPAC. ’’Pendukungku malah wis padha cap jempol nganggo mangsi getihe dhewe-dhewe. Iki nandhaake yen aku bener-bener dipercaya,’’ andhare Fauzan sakdurunge pilihan. Sawetara iku, Sukur Priyanto milih meneng wae yen ditakoni bab melok-orane nyalon ketua ing Muscab kasebut.
Nalika Muscab wis digelar swasana malik grembyang. Tanpa dinuga, Muhammad Fauzan mundur utawa mbatalake niyate melu ngrebut kursi palungguhan ketua DPC. ’’Aku kanthi ikhlas mundur saka pencalonan ketua. Takjaluk marang kabeh kader partai bisa nampa lelakon iki. Muga-muga partai Demokrat bisa gedhe lan ngrembaka,’’ pangucape Fauzan nalika ing podium. Mripate katon abang mbranang banjur negtokake luh lan diusapi nganggo kacu.
Merga Muhammad Fauzan mundur, akhire ketua sidang ing Muscab, Samsul Bahara, saka Dewan Pengurus Pusat (DPP) Partai Demokrat njaluk marang peserta Muscab supaya Sukur Priyanto, SE  disetujoni kanthi aklamasi sing kapilih dadi ketua DPC. Penjaluk kasebut wusana disarujuki. Kabeh sing nekani adicara kasebut padha keplok, dene Sukur Priyanto banjur mlayu marani Fauzan. Kekarone banjur salaman lan rerangkulan. Sesawangan iku gawe trenyuhe sing padha ndeleng lan mbrabak mripate.
Sukur Priyanto mratelaake, dheweke bakal temenan olehe nyekel lan ngendhaleake organisasi. Kanthi pangajab mengkone Partai Demokrat bisa tambah gedhe merga disenengi rakyat.
’’Tansaya gedhe tanggungjawab sing takcekel saiki. Jalaran ing wektu setaun setengah mengko bakal ana gawe sing luwih gedhe maneh, yaiku anane pilihan bupati Bojonegoro lan proses mulaine industri migas Blok Cepu kanthi ivestasi gunggunge Rp 35 triliun. Mula saka iku aku njaluk dukungan saka kabeh lapisan masyarakat supaya gelem aweh saran marang aku,’’ mengkono andhare Sukur Priyanto sing lair pecethet ing Desa Ngampel, Kecamatan Kapas, Bojonegoro.  Sakdurunge kapilih dadi ketua DPC Partai Demokrat, Sukur Priyanto njabat sekretaris DPC. Dene jabatan liyane yaiku minangka Wakil Ketua DPRD Bojonegoro. (Kang Zen)
   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar