Wong tani
Esuk repet-repet wis padha tangi
Metu saka kandhang nggeret sapi karo kebo
mikul krakal karo garu
njegur sawah
cetar... cetor…
swara pecut nggegirisi
sapi karo kebo ngubengi sawah
nggeret krakal, garu karo luku
apa ngono kuwi sing diarani guru
wong dines
Esuk nganggo sragam
Mlebu sekolahan
Nyekel kapur tulis nok ngarepe papan
Dak... dak… dak…
Mlebune sedheng molehe kurang
Apa ngono kuwi sing diarani guru
Enek pawongan
Mlebu sekolahan
Kana-kene kabeh ngundange bos
Bos… bos… bos…
Tanpa swara
nalika sang bos metu saka sekolahan
Takkira bos menehi kepinteran
Jegagik,
ilang tanpa kaweruhan
Apa ngono iku sing diarani guru
Geneya kowe takon
Urusane wong ngono beda-beda
Becik meneng supaya ora keterak garu
Sawangen mlakune krakal
Yen kowe ora pingin kesrekal
Sawangen lakune luku
Yen kowe mlaku kareben ora kesandhung watu
Aja ngrungokna swara dak
Aja ngurusi bos bos kae
kuwi urusane guru
critamu karo critaku
ora enek sing kenek didhelikno
kuwi sejatine guru
Bojonegoro, 9 Juli 2010
Sendang Malaikat, Gunung Pandan
Kang Zen Samin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar